Israel
(
basa Ibrani
????? ?????
Medinat Yishra'el
,
Arab
???? ???????
Dawlat Isr?'?l
) iku nagara ing
Timur Tengah
, kang diubengi dening
Sagara Tengah
,
Libanon
,
Suriah
,
Yordania
,
Mesir
lan ara-ara wedhi Sinai. Saliyane iku Israel uga diubengi rong laladan otoritas
Palestina
:
Lurung Gaza
lan
Gisik Kulon
.
Ing pangerten
Alkitab
, Israel iku arane
karajan lor
; karajan kidul iku
Yehuda
.
Kanthi populasi 7,28 yuta jiwa, Israel minangka siji-sijine nagara
Yahudi
ing donya.
[1]
Saliyane iku, ana uga sawatara golongan
etnis
minoritas liyane, yaiku etnis Arab kang duwe warganagara Israel, sarta golongan-golongan kaagamaan liyane kaya
Muslim
,
Kristen
,
Druze
,
Samaritan
, lan sapanunggalane.
Madege nagara modheren Israel dhedhasar konsep
Lemah Israel
(
Eretz Yishra'el
), sawijining konsep pusat
Yudaisme
wiwit jaman kuna,
[2]
kang uga minangka pusat wewengkon
Karajan Yehuda
kuna. Sawise
Perang Donya I
,
Liga Bangsa-Bangsa
nyetujoni Mandat Britania tumrap Palestina minangka "nagara wong Yahudi".
[3]
Ing taun 1947,
PBB
nyetujoni
Pembagian Palestina
dadi rong nagara, yaiku siji nagara Yahudi lan siji nagara
Arab
.
[4]
Tanggal 14 Mei 1948, Israel
mroklamasekake kamardikane
lan iki banjur dadi paprangan karo nagara-nagara
Arab
ing saubenge kang nulak rencana pembageyan iki. Israel sabanjure
menang perang iki
lan ngukuhake kamardikane. Saka perang iki uga, Israel kasil njembarake wates wewengkon nagarane ngluwihi wates wewengkon kang ditemtokake dening Rencana Pembagian Palestina. Wiwit wektu iku, Israel terus memungsuhan karo nagara-nagara Arab tanggane, njalari perang kang ora leren-leren nganti saiki.
[5]
Wiwit pambentukan Nagara Israel, wates nagara Israel lan hak Israel kanggo madeg wis dadi pasulayan, mligi dening nagara Arab lan para pangungsi
Palestina
. Israel wis nandhatangani perjanjean damai karo
Mesir
lan
Yordania
, nanging usaha perdamaian antara
Palestina
lan Israel nganti saiki durung kasil.
Israel minangka nagara
dhemokrasi
kanthi
sistem paprentahan parlementer
lan
hak pilih universal
.
[6]
[7]
Nayakotama Israel
njabat dadi
kepala paprentahan
lan
Knesset
minangka badan legislatif Israel. Sajeroning bab
prodhuk domestik bruto
, ekonomi nagara iki ana ing peringkat angka 44 ing donya.
[8]
Israel duwe peringkat
Indeks Pembangunan Manungsa
[9]
,
kabebasan pers
[10]
, lan daya saing ekonomi
[11]
kang paling dhuwur dibandingake karo nagara-nagara Arab ing saubenge. Miturut ukum nagara Israel, kutha krajan Israel yaiku
Yerusalem
, (kutha krajan sadurunge kutha
Tel Aviv
). Sanadyan mangkono badan PBB lan akeh nagara ing donya ora ngakoni.
- Deleng uga
Distrik ing Israel
Israel iku diperang dadi 6 dhistrik. Banjur saben dhistrik diperang dadi sawatara subdhistrik maneh.