한국   대만   중국   일본 
Insulin - Wikipedia Menyang konten

Insulin

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Model struktur insulin
Abang: karbon ; ijo: oksigen ; biru: nitrogen ; jambon: sulfur . Pita biru/ungu minangka krangka [-N-C-C-]n sajeroning sekuens asem amino H-[-NH-CHR-CO-]n-OH protein tersebut, dengan R merupakan perangan sing nonjol saka krangka mau ing saben asem amino.

Insulin ( basa Latin insula , "pulo", amarga diprodhuksi ing Pulo-pulo Langerhans ing pankreas ) iku siji hormon polipeptida sing ngatur metabolisme karbohidrat . Saliyane minangka "efektor" utama sajeroning homeostasis karbohidrat , hormon iki uga melu sajeroning metabolisme lemak ( trigliserida ) lan protein ? hormon iki duwe properti anabolik . Hormon mau uga mengaruhi jaringan awak liyane.

Insulin dipigunakake sajeroning pangobatan sawatara jinis diabetes mellitus . Pasien kanthi diabetes mellitus tipe 1 gumantung marang insulin eksogen (disuntikake ing sangisore kulit/subkutan) kanggo kaslametane amarga kakurangan absolut hormon mau; pasien kanthi diabetes mellitus tipe 2 duwe tingkat produksi insulin sethithik utawa kebal insulin , lan kadhang kala mbutuhake pengaturan insulin yen pangobatan liya ora cukup kanggo ngatur kadhar glukosa getih .

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]