한국   대만   중국   일본 
Idul Fitri - Wikipedia Menyang konten

Idul Fitri

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
??? ?????
Idul Fitri
(Pahargyan mungkasi Pasa Ramelan)
Idul Fitri ing Malaysia
Uga ingaran Idul Fitri, Hari Lebaran ( Indonesia ); Hari Raya Puasa, Hari Lebaran, Aidilfitri ( Malaysia , Singapura , Brunei ); Wakas ng Ramadan, Hari Raya Puasa ( Filipina ); Nonbu Perunaal ( Tamil ) Riyoyo, Riyayan, Ngaidul Fitri ( Basa Jawa ); Boboran Siyam ( Basa Sundha ); Uroe Raya Puasa ( Basa Aceh ); Rojar Eid ( Banggaladesa ); Ramazan Bayramı ( Basa Turki ); Eid Nimaz ( Basa Sindhi ); Korite ( Senegal ); Sallah ( Hausa ); Kochnay Akhtar (????? ????) ( Pashto ); Eid-e Sa'eed-e Fitr (The Mirthful Festival of Fitr, Persi ); Choti Eid ( Basa Urdhu ); Meethi Eid ( Basa Urdhu );Cheriya Perunnal ( Malayalam ); Ramazanski Bajram, Eid ( Bosnia ); Bajram ( Albania ); Cejna Remezane ( Kurdi ); Ramazanski Bajram ( Kroasia ); Idd (pacelathon ing Uganda)
Dipengeti Muslim ing saindhenging donya
Jinis Islam
Ancas Mungkasi Pasa Ramelan
Karamean Kembul bojana dhawar panganan legi-legi, nanggo klambi anyar lan maringi dhuwit marang bocah-bocah cilik
Pengetan Salat , bayar ( Jakat pitrah )
Tanggal 1 Syawal
Tanggal ing 2024 date missing (please add)
Gegayutan Ramelan , Idul Adha

Idul Fitri ( Basa Arab : ??? ????? ‘?du l-Fi?r ) iku dina riyaya umat Islam saben tanggal 1 Syawal sajeroning pananggalan Hijriyah . Idul Fitri dirayakake sawise umat Islam nglakoni pasa sesasi ing sasi Ramelan . Amarga cara ngukuhake tanggal 1 Syawal kang didhasarake marang mubenge rembulan marang bumi mau, mula Idul Fitri utawa Dina Riyaya ora padha tanggal lan sasine saben taun yen dideleng saka kalendher Masehi . Cara nemtokake tanggal 1 Syawal uga beda-beda, saengga bisa ana saperangan umat Islam kang mahargya ing tanggal Masehi kang beda. Ing Indonesia, pamarentah minangka kang kawogan nemtokake tanggal 1 Syawal saben ngadhepi wektune nganakake pasamuan kang diarani sidang isbat , Sidhang mau dirawuhi dening para punggawa saka Kamentrian Agama , Majelis Ulama Indonesia , wakil-wakil saka organisasi massa Islam, lan para wakil nagara sahabat.

Ing tanggal 1 Syawal , umat Islam kumpul wayah esuk lan ngayahi Salat id bebarengan ing masjid-masjid , utawa ing lapangan yen kaanan ora udan . Beda karo ritual Salat Iedul Adha kang kudu pasa dhisik nalika budhal menyang papan panggonan salat, sajeroning salat id iki malah disunnahake sarapan dhisik sadurunge mangkat.

Sadurunge diwiwiti salat id, lumrahe imam ngelikake tumrap kang durung nindakake bayar jakat pitrah . Wates wektu bayar pitrah yaiku sadurunge ngayahi salat id, dene kang telat lan lagi bayar sawise salat id bakal diitung minangka sedekah biyasa.

Ibadah lan tradhisi ing Idul Fitri [ besut | besut sumber ]

Tradhisi takbiran kang dianakake saben malem riyaya

Idul Fitri nandhani pungkasan dina pasa Ramelan .

Salat Idul Fitri lumrahe dianakake ing lapangan . Dene ukum Salat Idul Fitri yaiku sunat mu'akkad . Sadurunge salat, kaum muslimin ngumandhangake takbir .

Takbir dikumandangake sawise teka sasi Syawal. Saliyane ngayahi Salat Sunat Idul Fitri, kaum muslimin uga diwajibake bayar jakat pitrah [1] [2] kang akehe saben wong 2,7 kilogram bahan panganan pokok. Tujuan sakai jakat pitrah iki kanggo andum kabegjan marang para fakir miskin. Sawise salat disunnahake midhangetaken kutbah kang diterusake maca donga. Sawise rampung, kaum muslimin banjur padha salaman silih apura siji lan sijine. Kadhangkala ana kang diterusake ngayahi ziarah kubur . [3]

Tradhisi kang biyasa dilakoni ing Indonesia saben ngadhepi dina dina Idul Fitri yaiku wujud silaturahmi marang wong tuwa lan sanak kadang liyane. Kanggo kaperluan silaturahmi lan njaluk ngapura marang wong tuwa iki banjur akeh wong kang mulih menyang kampung asale kang kerep ingaran acara mudik . Tradhisi mudik iki njalari dalan-dalan banjur dadi macet. Tradhisi liya kang lumrah yaiku mangan kanthi menu utama wujud kupat kang lumrahe nganggo lawuh opor utawa jangan lodheh .

Tata cara salat Idul Fitri [ besut | besut sumber ]

Salat Iedul Fitri diayahi rong rakangat . Ing rokaat pisanan sawise takbiratul ihram ditambah takbir kaping pitu, lan ing rakangat kapindho takbir kaping lima. Ing antarane takbir mau kaprayogakake maca hamdallah, muji Allah lan shalawat marang Muhammad S.A.W. Sawise takbir tambahan, imam salat maca ta’awudz, surat Al Fatihah banjur maca surat Kuran kanthi kombinasi:

Tatacara sabanjure padha karo ing salat-salat liyane. Sawise rampung salat Idul Fitri kaprayogakake ngrungokake kutbah.

Adab Salat Id [ besut | besut sumber ]

Adab-adab salat Idul Fitri:

  • Adus sadurunge mangkat salat (H.R.Imam malik).
  • Nganggo wangi-parfum, tumrap wong lanang, lan sikat untu.
  • Nganggo sandhangan kang paling apik (H.R.Bukhari, Muslim).
  • Salat subuh dhisik sadurunge mangkat (H.R.Bukhari, Muslim).
  • Mangan dhisik sadurunge mangkat (H.R.Bukhari). Mangan sacukupe wae. Beda karo salat Idul Adha kang kudu ora mangan dhisik.
  • Disunnahake lumaku tumuju lokasi, yen bisa, (H.R.Ibnu Majah).
  • Lokasi salat ing lapangan (H.R.Bukhari, Muslim)
  • Takbir kanthi swara (ora mung sajeroning ati) nalika tumuju lokasi salat (Qs. Al Baqarah : 185).
  • Ora salat sunat sadurunge lan sawise salat Id yen ora ing jero masjid .
  • Ora ana adan lan iqamah (H.R.Muslim).
  • Wanita tumuju lokasi kanthi nutup aurat-nganggo jilbab lan tanpa wangen-wangen.
  • Silih ngucapake salam. Niru lelaku sahabat Rasulullah SAW . Saka Jubair bin Nufair, panjenengane ngendika: "Sahabat Rasulullah SAW yen ketemu ing dina id, silih ngucapake-taqabballahu minna wa minkum (muga-muga Allah nampa amal kita lan amal panjenengan sami)" (H.R.Bukhari).

Wacan takbir yaiku:

Arab Latin Pertalan
???? ???? ???? ???? ???? ???? Allahu akbar, Allahu akbar, Allahu akbar Allah Maha Agung, Allah Maha Agung, Allah Maha Agung
?? ??? ??? ?? la ilaha illa Allah Ora ana Gusti kajaba Allah
???? ???? ???? ???? Allahu akbar, Allahu akbar Allah Maha Agung, Allah Maha Agung
???? ????? wa li-illahi al-hamd Kabeh puji mung marang Allah
  • Jamaah
  • Khutbah kapisan khatib disunatake maca takbir ping sanga, banjur ping pitu nalika khutbah kang kaping pindho
  • Ngethok kuku
  • Budhal lan bali nganggo dalan kang bedho
  • Ngewenehi sedekah
  • Ngerjakake salat sunat mutlak sadurunge khutbah
  • Maca takbir kajaba ing salat wiwit lingsire srengenge satekane imam miwiti salat. [5]

Idul Fitri ing tlatah liya [ besut | besut sumber ]

Asia [ besut | besut sumber ]

Asia Tenggara [ besut | besut sumber ]

Umat Islam ing Indonesia nganggep Idul Fitri minangka dina riyaya kang utama, kaanan mangkono dimupangkatake kanggo kumpul karo kulawarga. Tradhisi mudik utawa bali menyang kampung, biyasa dilakoni dening wong kang padha ngumbara kanggo mulih menyang desa asal-usule wiwit rong minggu sadurunge Idul Fitri. Pamarentah duwe tanggung jawab nglancarake para pemudik kang bali kampung mau. Dina Riyaya Idul Fitri kang ana ing Indonesia dipengeti minangka dina prei (libur) nasional, kang dipengeti dening masarakat Indonesia kang mayoritas kang ndunungi Muslim. Panetepan Idul Firti katemtokake dening pamarentah kanthi ngayahi sidang Isbat kang ngajak rembugan ormas-ormas Islam kang ana ing Indonesia.

Dhedhaharan kang paling misuwur ing prayaan Idul Fitri ing Indonesia yaiku kupat , kang uga didadekake tradhisi panganan ing Malaysia , Brunei , lan Singapura . Ing perangan liya kang dadi pangarep-arep para bocah cilik ing dina riyaya yaiku dum-duman dhuwit riyaya ( Basa Indonesia : salam tempel utawa angpao ). Kagiatan liya kang ana ing dina riyaya yaiku antarane para tetangga duwe tradhisi dolan lan nyuwun pangapura, kang misuwur kanthi sebutan acara silaturahmi, utawa "halal bi-halal".

Ing tlatah manca kaya dene ing Malaysia , Singapura , uga Brunei , Idul Fitri misuwur kanthi sebutan Dina Riyaya Pasa utawa Dina Riyaya Aidil Fitri . Ing Indonesia, wayah bengi sadurunge prayaan dianakake takbiran utawa dikumandangake takbir ing dalan , masjid lan uga ing musholla , kang tujuane nguntapake kamenangan lan muji syukur Keagungan Tuhan. Ing padesan utawa kampung uga ana tradhisi nguripake damar utawa pelita , panjut , utawa obor . Masarakat uga padha silih ngucapake "Sugeng Dina Riyaya " utawa "Salam Aidil Fitri" lan "Maaf lair lan batin" kanggo pangucapan njaluk pangapura saka wong liya.

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Weigers, Gerard."Ibadat". Encyclopedia of Islam and the Muslim world , kaca. 327
  2. Gaffney, Patrick D. "Khutba." Encyclopedia of Islam and the Muslim World . kaca. 394.
  3. Wiegers, Gerard. "Ritual". Encyclopedia of Islam and the Muslim world , kaca. 600
  4. [ http://konsultasisyariah.com/shalat-idul-fitri-tata-cara Konsultasi Syariah: Tata cara salat Idul Fitri]
  5. Masykuri, HM. Abdurrahman."Salat 'id (Hari Raya)". Kaifiyah dan Hikmah Salat versi kitab salaf , kaca. 141

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Gladri [ besut | besut sumber ]