Henry PuYi

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Xuantong Emperor
宣統帝
Kaisar Cina
Panjenengan 2 Dhesember 1908 ? 12 Februari 1912
( &&&&&&&&&&&&&&03.&&&&&0 3 taun, &&&&&&&&&&&&&072.&&&&&0 72 dina)
1 July 1917 ? 12 July 1917
( &&&&&&&&&&&&&&00.&&&&&0 0 taun, &&&&&&&&&&&&&011.&&&&&0 11 dina)
Leluhur Kaisar Guangxu
Adipati Zaifeng, Pangeran le-2 Chun
Kaisar Manchukuo
Panjenengan 1 Maret 1934 ? 15 Agustus 1945
( &&&&&&&&&&&&&011.&&&&&0 11 taun, &&&&&&&&&&&&0167.&&&&&0 167 dina)
Kaisar Cina
Pretendence 12 Februari 1912 ? 16 Oktober 1967
( &&&&&&&&&&&&&055.&&&&&0 55 taun, &&&&&&&&&&&&0246.&&&&&0 246 dina)
Panerus Yuyan
Kaisar Manchukuo
Pretendence 15 Agustus 1945 ? 16 Oktober 1967
( &&&&&&&&&&&&&022.&&&&&0 22 taun, &&&&&&&&&&&&&062.&&&&&0 62 dina)
Panerus Pujie
Astana Babaoshan Revolutionary Cemetery Later moved to the Easter Qing Mausoleum near Beijing in 1996
Garini Maharani Wen Xiu
Maharani Wan Rong
titimangsa jaman
Xu?nt?ng 宣統 (1908-1912)
Datong 大同 (1 Maret 1932 ? 28 Februaryi1934)
K?ngde 康德 (1 Maret 1934 ? 17 Agustus 1945)
Wangsa Dinasti Aisin-Gioro
Bapa Zaifeng, Pangeran Chun
Ibu Guwalgiya Youlan

Data Panguasa Tiongkok

Jeneng Asli PuYi
Jeneng Raja/Undang-undangan kaisar Xuan Tong
Periode Jaman Dinasti Qing
Taun lair 1906
Taun mati 1967

P?yi ( Hanzi tradhisional : 溥儀; Hanzi saanane : 溥?) ( 7 Februari 1906 - 17 Oktober 1967 ) ya iku kaisar kaping 12 saka dinasti Qing kang uga kaisar terakhir Tiongkok kang nguwasani paprentahan saka taun 1908 nganti tekan 1924 . [1] [2] [3] Kakine kang jenege Yihuan ya iku anak nomer 7 saka kaisar Daoguang lan bapake Zaifeng ya iku adhine Kaisar Guangxu . [3] Sawise kaisar Guang Xu mati, nalika iku PuYi nembe umur 2 taun, diangkat dadi kaisar karo jeneng kamaharajan Xuan Tong . [3] Ana ing mangsa paprentahane, Dr. Sun Yat Sen nglakokake revolusi ya iku nalika taun 1911 lan ngrampungi jaman kamaharajan Tiongkok kang wis ana punjul 2000 taun. [2] Sawise revolusi, PuYi isih diijinake kanggo manggon ana ing daerah kamaharajan (saiki dijenengi Kutha Terlarang lan dadi objek plesiran). [2] PuYi uga tau diangkat dadi pemimpin paling dhuwur ana ing nagara Manchu ( Man Zhou Guo ), sawijining nagara bonekah gaweane Jepang kang kalebu ana ing wewengkon Tiongkok lan wewatesan karo Russia , Tiongkok, Korea Lor lan Mongolia . [3] Sawise Jepang kalah ana ing perang donya kedua , Uni Soviet nguasani wewengkon Manchu lan nangkep PuYi ana ing papan anggegana penerbangan nalika PuYi arep lunga menyang Jepang. PuYi ditahan sasuwene 5 taun lan dikirim menenh menyang Tiongkok nalika taun 1950. [3] Baline PuYi ana ing Tiongkok, PuYi ngakoni kesalahane lan ngomong panampane marang pambaharuan, pendidikan lan revolusi kang ndadekake nalika taun 1958 PuYi dibebasake dening pamrantahan Tiongkok lan nalika iku PuYi kang sadurunge kaisar dadi rakyat biyasa. [1] Dheweke mati amarga lara nalika umure 61 taun. [3]

Pu YI

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b "www.bukudiskon.com" . Diarsip saka sing asli ing 2012-01-19 . Dibukak ing 2011-09-04 .
  2. a b c carita-utama.serambi.co.id [ pranala mati permanen ]
  3. a b c d e f Pu Yi, The Last Emperor of China