한국   대만   중국   일본 
Fidel Castro - Wikipedia Menyang konten

Fidel Castro

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Fidel Alejandro Castro Ruz
Presidhen Dewan Nagara lan Presidhen Dewan Mantri Kuba
Linggih
2 Dhesember 1976  ? 31 Juli 2006 (Transfer kekuasaan)
Wakil Presidhen Raul Castro Ruz (I),
Juan Almeida Bosque ,
Abelardo Colome Ibarra ,
Carlos Lage Davila ,
Esteban Lazo Hernandez ,
Jose R. Machado Ventura
Kang sadurunge Osvaldo Dorticos Torrado
Rerincen dhiri
Lair ( 1926-08-13 ) Agustus 13, 1926 (umur 97)
Biran , Provinsi Holguin , Kuba
Parte pulitik Parte Kuminis Kuba
Sisihan (1) Mirta Diaz-Balart ( cerai 1955 )
(2) Dalia Soto del Valle

Fidel Alejandro Castro Ruz ( audio ) (miyos 13 Agustus 1926 - Havana 25 November 2016 ) punika Presidhen Kuba sapunika. Saderengipun, panjenenganipun mangreh Mahamantri amargi dipuntunjuk ing wulan Februari 1959 sasampunipun dados komandhan revolusi ingkang gagal presidhen Dewan Nagara ngrangkep jawatan Dewan Mantri Fulgencio Batista ing taun 1976 . Castro dados sekretaris sepisanan Parte Kuminis Kuba ( Communist Party of Cuba ) ing taun 1965 lan ntransformasi Kuba dados republik sosialis satunggal-parte . Sasampunipun dados Presidhen, panjenenganipun dados komandhan Militer Kuba . Tanggal 31 Juli 2006 , Castro masrahaken jawatan kapresidhenanipun dhumateng rayinipun, Raul kangge saperangan wekdal.

Ing taun 1947 , panjenenganipun tumut ing upados kudheta diktator Republik Dominika Rafael Trujillo lan mlajar tumuju New York ( Amerika Sarekat ) amargi wontenipun ancaman badhe dipunsedani mengsah pulitikipun. Sasampunipun pikantuk dhoktor ing babagan hukum taun 1950 , panjenenganipun mrotes lan mandhegani obahan bawah tanah anti-pamarentah atas pengambil-alihan kakuaosan lumantar kudheta dening Fulgencio Batista taun 1952 . Taun 1953 , panjenenganipun mandhegani serangan dhumateng barak militer Moncada Santiago de Cuba , nanging gagal. Wonten 69 tiyang saking 111 tiyang ingkang tumut nyerbu seda lan panjenenganipun dipun kunjara 15 taun.

Sasampunipun pikantuk apunten lan dipunbebasaken tanggal 15 Mei 1955 , panjenenganipun langsung mandhegani upados nglengseraken diktator Batista. Perlawanan punika lajeng dipunkenal Gerakan 26 Juli . Tanggal 7 Juli 1955 , panjenenganipun mlajar nuju Meksiko lan pinanggih kaliyan pejuwang revolusioner Che Guevara . Sesarengan kaliyan 81 tiyang sanesipun, panjenenganipun kundur nuju Kuba tanggal 2 Dhesember 1956 lan melakukan perlawanan gerilya ingkang laminipun 25 wulan ing Pagunungan Sierra Maestra.

Ing njawi Kuba, Castro wiwit nggalang kekiyatan kangge nglawan dhominasi Amerika Sarekat lan tilas nagari Uni Soviet . Sasampunipun Uni Soviet runtuh taun 1991 , gegayuhan lan gegayuhanipun wiwit dipunwujudaken kanthi pepanggihan kaliyan Hugo Chavez ing Venezuela lan Evo Morales saking Bolivia .

Saderengipun panjenenganipun tanggap warsa kaping 80 ingkang dhawah tanggal 13 Agustus 2006 , panjenenganipun masrahaken tampuk kapamimpinanipun kangge sauntawis wekdal dhumateng rayinipun. Praktis, Raul ngrangkep jawatan, inggih punika dados Presidhen Kuba lan Mantri Pertahanan Kuba. Pamasrahan kakuwaosan punika ingkang sepisanan kawit panjenenganipun mrentah Kuba taun 1959. Castro ugi nyuwun riyaya tanggap warsanipun ingkang kaping 80 dipunduwa dumugi 2 Dhesember 2006 ewadene pista meriah ingkang laminipun sekawan dinten ing margi-margi utami Havana sampun sumadya, kalebet konser megah saking musisi lan penyanyi Amerika Latin .

Kesehatan Castro nate mandhap sasampunipun dhawah nalika pidhato taun 2004 . Ing wekdal samanten, dhengkul kiwa lan lengen tengenipun cidra.

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]


Kang sadurunge
Osvaldo Dorticos Torrado
Presidhen Kuba
2 Dhesember 1976 - 23 Februari 2008
Kang sawise
Raul Castro
Kang sadurunge
Jose Miro Cardona
Mahamantri Kuba
16 Februari 1959 ? 2 Dhesember 1976
Kang sawise
Jawatan ditiadakan