Colloseum

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Colosseum
'
Lokasi IV Templum Pacis (Latin, "Temple of Peace")
Dibangun ca. 70?80 AD
Dibangun dening/kanggo Vespasian , Titus
Jinis bangunan Amphitheatre
Artikel kagandheng List of ancient monuments
in Rome

The Colosseum
Koloseum
Koloseum

Collosseum ya iku yasan sajarah kaya dene gedhong pamentasan sing gedhe/ amphitheatre sing kalebu salah sawijining pitu kaajaiban donya. [1] Sing panggone ning kutha krajan Nagara Italia , Roma , sing duwe jeneng asli Flavian Amphithetare , diadhekke karo Raja Vespasian lan dirampungke karo anakke Titus 80 M. [1] Ngenani taun nggawene nganti saiaki isih akeh sing beda kapercayan. Amarga ana sing duwe anggepan ya iku Collosseum digawe ing taun 79 SM, uga ana sing duwe anggepan digawe antara taun 70-80 M, Nanging, akeh arkeolog sing duwe panganggep yen Collosseum digawe ing taun 70-82 M. [1] Saka asale jeneng dijupuk saka salah sawijining reca sing dhuwure 130 kaki utawa 40 meter sing jenenge Colossus . [1] ZCollosseum diset kanggo nampung 50.00 wong pamiyarsa. [1] Collosseum diadegke cerakke karo Nero's enermous palace , Domus Aurea sing wis tangi sakbubare kobongan ning Roma ing taun 64 M. Saka pirang-pirang ahli sujarah percaya kontruksi saka Collosseum diwenehi biyaya nganggo cara ngrampok kuil gedhe Jarusalem saka kongkonan Raja Herod ing taun 64 M. [2] Dio Cassius saka sing ahli sujarah ngandakakee watara 9000 kewan ganas wis mati ing 100 dina dadi karamean peresmian lan pambuka Collosseum mau. [2] Jubinne saka arena Collosseum katutup karo wedhi sing kanggo nyegah supaya getih-getih ora mili ana ing endi-endi. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e [1] (diakses tanggal 15 Juli 2011)
  2. a b c [2] Archived 2011-08-09 at the Wayback Machine . (diakses tanggal 15 Juli 2011)