Chung Ju-yung

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Chung Ju-yung

Chung Ju-Yung ( 25 November 1915 ? 21 Maret 2001 ) kerep nduweni gandheng ceneng karo grup Hyundai . [1] Chang Ju-yung dadi salah sijine pelopor ing globalisasi Korea , mulane dheweke duwe peran kang wigati ing sajarah Korea modern. [1]

Chung Ju-Yung lair dadi anake salah sijine wong tani. [1] Dheweke duwe sadulur kang cacahe wolu, 6 lanang lan 2 wadon. [1] Chung Ju-Yung lair ing Asan-ri , Songjon-myun , Kangwon-do , pagunungan ing utara Korea . [1] Nalika Chang Ju-yung lair Korea wis dikuwasani paprentahan Kamaharajan Jepang wiwit taun 1910 . [1] Chung Ju-Yung iku anak pambarep ing kluwargane. [1] Bapake ndhidhik Chung Ju-Yung dadi wong tani. [1] Chung Ju-yung lulus saka sekolah dhasar Songjon nalika taun 1931 . [1] Nalika sekolah, Chung Ju-Yung nduwe hobi maca ariwarta ing kantor desa . [1] Nalika iku, surat kabare ya iku harian Dong kang dadi siji-sijine ariwarta kang bisa tinemu ing desane. [1] Lumantar kalawarti iku, Chung Ju-Yung entuk lowongan kerja ing babagan konstruksi ing salah sijine pelabuhan gedhe kang jenenge Chungji , pelabuhan iki manggon ing salah sijine kutha kang cerak karo tlatah kang tau dadi wilayahe Uni Soviet . [1]

Chung Ju Yung iku wong kang ngedegake Hyundai chaebol kang nduwe perusahaan perakitan mobil kang wiwit ngadeg nalika taun 1947 . [2] Ing basa Korea, tembung "HYUNDAI" tegese Modern utawa Jaman Saiki , yang selalu update lan nututi perkembangane jaman. [3]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h i j k l referenceforbusiness.com (dipunundhuh tanggal 15 Agustus 2011)
  2. nndb.com (dipunundhuh tanggal 15 Agustus 2011)
  3. hyundaimobil.co.id Archived 2012-01-21 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 15 Agustus 2011)