한국   대만   중국   일본 
Bruwang - Wikipedia Menyang konten

Bruwang

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Bruwang kalebu kewan karnivora ya iku kewan kang mangan daging , nanging ana uga bruwang kang mangan madu . [1] Bruwang nduwe buntut cilik. [1] Bruwang bisa ngambung lan ngrungokake kanthi temen saengga ngerteni ing endi ana mangsa. [1] Kukun e cacahe lima saben tlapak tangan . [1] Bruwang wulune dawa, ketel lan kasar. Bruwang nduwe cakar lan moncong dawa lan kuping bunder. [1] Untune bisa kanggo nyuwek daging kang dadi panganane. [1] Kukune kanggo nyuwek, ngeruk, lan nyekel mangsane. [1] Bruwang nduwe kurang luwih 32 nganti 42 untu . [1] Untu taring bruwang ukurane cilik. [1] Untu geraham bruwang ukurane amba, datar lan minangka ngetok lan nggiling daging dadi luwih cilik lan gampang dipangan. [1]

Bruwang nduwe cakar kang cacahe papat. [1] Saben cakar ana lima kuku kang landhep lan dawa. [1] Kuku iki kanggo menek wit lan nyuwek susuh tawon, susuh rayap, lan kanggo ngeruk oyot, uga nyekel mangsane. Bruwang bisa lumayu kanthi kacepetan 50 km/jam utawa 30 mph . [1]

Bruwang Kutub [ besut | besut sumber ]

Habitat bruwang kutub kang urip ing bawana arktik utawa kutub utawa saya suwe saya cures . [2] Panyebabe ya iku iklim kang molah-malih saengga es ing kutub cuwer. [2] Bruwang kutub kang wulune putih iki uga akeh kang dibedhag manungsa lan dijupuk wulune. [2] Saliyane iku habitat kang kanggo urip uga wis tercemar amarga akehe indhustri kapal lan kilang lenga . [2] Limang nagara kang dadi tapel wates kutub lor ya iku Amerikah Sarekat (AS), Kanadha , Ruslan , Nurwegen lan Dhenemarken ndeklarasekake supaya habitat bruwang kutub kudu dijaga supaya ora cures. [2] Deklarasi iki dadi deklarasi kang sepisanan sawise 28 taun kanggo ngowahi Perjanjian Bruwang Kutub . [2] Deklarasi dianakake ing Tromsoe , Nurwegen isine yen owahe iklim nduweni dampak kang elek tumrap populasi bruwang kutup lan habitate. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h i j k l m internasional.kompas.com (dipunundhuh tanggal 6 Juni 2011)
  2. a b c d e f g jatim.vivanews.com [ pranala mati permanen ] (dipunundhuh tanggal 6 Juni 2011)