Basa Turki

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cithakan:Infobox Language/IPA notice
Basa Turki
Dituturake ing   Turki ,
Bendera_Bulgaria  Bulgaria ,
Bendera_Makedonia  Makedonia ,
Bendera_Romania  Romania ,
Siprus Utara ,
  Yunani ,
Irak ,
Bendera_Suriah  Suriah , [1]
Azerbaijan , [2]
Jerman ,
Cithakan:PRA ,
  Walanda ,
  Austria ,
Uzbekistan ,
Cithakan:BRI ,
  Amerika Sarekat ,
Belgi ,
Cithakan:SWI ,
  Italia
Wilayah Anatolia , Siprus , Balkan , Kaukasus , Eropa Tengah , Eropa Kulon
Gunggung panutur 70-100 juta
Rumpun basa Cithakan:Infobox Language/genetic2
Status resmi
Basa resmi ing   Turki ,
Siprus ,
Siprus Utara ,
Bendera_Makedonia  Makedonia ,
Kosovo
Regulated by
Kodhe basa
ISO 639-1 tr
ISO 639-2 tur
ISO 639-3 tur

Basa Turki kagolong basawangsa Turki paling kulon, lan kanthi gunggung penutur paling akeh yen dibandingake karo basa-basa Turki liyane.

Mulabuka [ besut | besut sumber ]

Basa Turki wiwitane saka Asia Tengah yaiku golongan sing diarani golongan Oguz sing pindhah-pindhah nganti tekan jazirah Anatolia , Asia Cilik . Basa cawang Oguz iki samsaya suwe banjur owah. Golongan Oguz iki nyebar wiwit Anatolia nganti Supitan Bosporus . Golongan sing nggawa basa iki yaiku golongan Seljuk ing abad kaping 10. Miwiti Islam dianut masarakat Turki, basa Turki ing wewengkon Anatolia wiwit nyerep maneka kosakata saka basa Arab lan basa Persi . Basa Turki sabanjure ing abad 15 nggayuh puncak kejayaane ing mangsa Kalipah Usmaniyah . Ing jaman Usmaniyah iki, basa Turki ditulis nganggo sajinis Aksara Arab . Nanging, wiwit taun 1928, Mustafa Kemal Ataturk , sing diwanuhi minangka bapak Turki Sekuler ngupaya nggawa Turki dadi modheren lan ngganti kabeh pangeja basa Turki nganggo aksara Latin .

Panggolonging basa [ besut | besut sumber ]

Basa Turki iku anggota cawang saka Basa-basa Turki , sing dumadi saka basa Turki Gagauz lan basa Turki Khorasani . Kagolong subklompok Turki Kidul , sing kagolong sajeroning golongan basa Ural-Altai utawa basa Turkik .

Laladan sebaran tutur [ besut | besut sumber ]

Basa Turki dituturake ing Turki lan 35 nagara liyane. Basa iki dituturake ing Bulgaria watara 1 yuta jiwa, Ellas watara 100 ewu jiwa, Republik Turki Siprus Lor watara 18% sing ndunungi Siprus , Makedonia watara 86.591 jiwa, Rumania ing kawasan Dobruja lan Uzbekistan , basa iki uga karan basa Osmanli .

Status resmi [ besut | besut sumber ]

Basa Turki dadi basa resmi ing Turki lan Republik Turki Siprus Lor . Saliyane iku, uga diajarake ing pawiyatan-pawiyatan pariklumpuk (Ind: komunitas) Turki ing Bulgaria , Ellas , Makedonia lan Rumania .

Carabasa [ besut | besut sumber ]

Basa Turki kaperang dadi sawatara carabasa, kaya dene carabasa Danubia sing dituturake ing tlatah Balkan , Gaziantep , Sanliurfa , Edirne , Razgrad , Dinler , Rumelia , Karamanli lan Eskisehir .

Tatatulis [ besut | besut sumber ]

Ing jaman Kalipah Usmaniyah , basa Turki ditulis nganggo sajinis Aksara Arab , nanging wiwit taun 1928, basa Turki ditulis nganggo Aksara Latin sing diowahi, contone ana ing aksara c, ?, ı, o, lan u.

Aksara Wyanjana Turki : Aksara Wyanjana Jawa

H : Ha

N : Na

C : Ca

R : Ra

K : Ka

S : Sa

? : Sya (?a)

V : Va

L : La

P : Pa

F : Fa

D : Dha

C : Ja

J : Zya (?a)

Y : Ya

M : Ma

G : Ga

? : Gha

B : Ba

T : Tha

Aksara Swara Turki : Aksara Swara Jawa

A : Ah

? : I

I : U

U : U

U : U

E : E

O : O

O : Œ

Conto tembung [ besut | besut sumber ]

Aturan Wilujeng

Merhaba: Wilujeng

Selam: Wilujeng (kasar)

Gunaydın: Wilujeng enjing

?yi gunu: Wilujeng siyang/sore

?yi ak?amlar: Wilujeng sore/dalu

?yi geceler: Wilujeng dalu

Gule gule: Dhadhah

Goru?uruz: Wilujeng pirsa malih

Te?ekkur ederim: Matur nuwun

Rica ederim: Sami-sami

Afferdersin: Nuwun sewu, nyuwun pangapunten

Tetembungan Purusa

Ben: aku/kula

Sen : kowe

Siz: kowe kabeh/panjenengan

O: dheweke/barang iku

Angka

Bir: siji

Iki: loro

Uc: telu

Dort: telu

On: papat

Yirmi: rongpuluh

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. "Syrian Turks" . Diarsip saka sing asli ing 2009-04-20 . Dibukak ing 2010-05-01 .
  2. Taylor & Francis Group (2003). Eastern Europe, Russia and Central Asia 2004 . Routledge . kc. 114. ISBN   978-1857431872 . Dibukak ing 2008-03-26 .

Deleng uga [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]