한국   대만   중국   일본 
Anatomi tetanduran - Wikipedia Menyang konten

Anatomi tetanduran

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Anatomi tetuwuhan utawa fitotomi iku analogi saka anatomi manungsa utawa kewan . Sanajan kanthi prinsip kajian kang diayahi iku ndeleng fisik minangka perangan-perangan kang kanthi fungsional beda-beda, anatomi tetuwuhan migunakake pendekatan metodhe kang beda karo anatomi kewan. Organ tetuwuhan kaekspos saka njaba, saengga lumrahe ora perlu "pambedhahan".

Anatomi tetuwuhan lumrahe diperang dadi telung perangan miturut hierarki sajeroning kauripan:

  • Organologi , nyinaoni struktur lan fungsi organ dhedhasar jaringan-jaringan penyusune;
  • Histologi , nyinaoni struktur lan fungsi maneka jaringan dhedhasar wangun lan peran sel panyusune; lan
  • Sitologi , nyinaoni struktur lan fungsi sel sarta organel -organel ing sajerone, proses kauripan sajeroning sel, sarta gegayutan antara siji sel karo sel liyane. Sitologi kaloka uga minangka biologi sel .

Morfologi tetuwuhan uga kerep dikaji bebarengan karo anatomi tetuwuhan.

Organologi [ besut | besut sumber ]

Organologi nyinaoni struktur lan fungsi sawijining organ. Ing ngisor iki jaringan-jaringan dhasar kang nyusun telung organ pokok tetuwuhan.

Oyod [ besut | besut sumber ]

Oyod utawa oyot, kasusun saka jaringan-jaringan:

Lapis njaba oyod kerep dilindhungi dening lapisan gabus tipis. Perangan pucuk oyod duwe jaringan tambahan ya iku tudhung oyod . Pucuk oyod uga dislimuti dening lapisan memper lendhir kang diarani misel ( mycel ) kang wigati sajeroning pertukaran hara sarta interaksi karo organisme (mikroba) liya.

Wit [ besut | besut sumber ]

Susunan wit ( basa Indonesia : batang), ora akeh bedane karo oyod. Wit kasusun saka jaringan iki:

Struktur iki ora akeh owah, ing wit utama, pang, utawa ranting. Lumahing wit mawa kayu utawa tetuwuhan wujud wit-witan kerep dilindhungi dening lapisan gabus (suber) lan/utawa kutikula kang ngandhut lenga (hidrofobik). Jaringan kayu ing wit dikotil utawa monokotil tinamtu bisa ngalami proses lignifikasi kang lanjut saengga kayu dadi atos banget.

Godhong [ besut | besut sumber ]

Godhong jangkep dumadi saka pelepah godhong, gagang godhong sarta helai godhong. Helai godhong duwe urat godhong kang ora liya minangka terusan saka jaringan panyusun wit kang fungsine nyalurake hara utawa produk fotosintesis. Helai godhong kasusun saka jaringan-jaringan dhasar iki:

Permukaan epidermis kerep kalapis dening kutikula utawa rambut alus ( pilus ) kanggo nglindhungi godhong saka gegremet pemangsa, spora jamur , utawa tetesan banyu udan.

Histologi [ besut | besut sumber ]

Histologi tetuwuhan nyinaoni jinis-jinis sel (dhedhasar wangun lan fungsi) kang nyusun sawijining jaringan.

Jaringan panyusun tetuwuhan antarane: 1. epidermis (jaringan pelindhung) 2. kolenkim (jaringan penyokong) 3. sklerenkim (jaringan penyokong) 4. parenkim (jaringan dhasar) 5. xilem (jaringan pembuluh/pengangkut) 6. floem (jaringan pembuluh/pengangkut)

Sitologi [ besut | besut sumber ]

Pirsani artikel sel (biologi) kanggo pembasan luwih jero.

Sitologi nyinaoni fungsi maneka warna sel lan organel -organel kas pendhukung fungsi mau.