`Abd al-`Az?z as-Sa`?d
(
Riyadh
, watawis taun
1880
?
Taif
,
9 November
1953
) (
basa Arab
:
????????? ?? ????
) inggih punika
Raja
Arab Saudi
ingkang kapisan. Panjenenganipun ugi gadhah asma sanes, kados
Ibnu Saud
. Panjenenganipun asalipun saking
Kulawarga Karajan Saudi
ingkang marentah ing sawatawis wewengkon ing
Jazirah Arab
.
Ibnu Saudi miyos ing
Riyadh
lan kalebet putranipun
Abdul Rahman bin Faisal
lan
Sara binti Ahmad al-Kabir Sudayri
. Nalika taun
1890
, nalika taksih yuswa sedasa taun, Ibnu Saud ndherek kaluwarganipun ingkang dipunasingaken ing
Kuwait
sasampunipun kakuaosan kulawargipun dipunpendhet kulawaga dhinasti
Rashidi
. Panjenenganipun nelasaken wekdal alitipun ing Kuwait kanthi gesang kirang kacukupan.
Nalika taun
1901
, kanthi yuswa 22 taun, Ibnu Saud dados gantosipun ramanipun minangka pandheganipun kulawarga dhinasti Saud kanthi gelar Sultan Nejd. Panjenenganipun lajeng miwiti kampanye kangge ngrebut malih kakuaosanipun saking dhinasti Rashidi ing wewengkon ingkang sapunika dados
Arab Saudi
. Nalika taun
1902
, panjenenganipun sesarengan kaliyan tamtama kulawarga lan sadherekipun kasil ngrebat malih
Riyadh
kanthi merjaya pati gubernur Rashidi ing mrika.
Kalih taun sasampunipun kasil anggenipun ngrebat
Riyadh
, Ibnu Saud kasil nguwaosi sepalih saking wewengkon Nejd. Sanajan makaten, nalika taun
1904
, dhinasti Rashidi nyuwun pambiyantu saking
Kasultanan Utsmaniyah
kangge nelukaken dhinasti Saud (
Kulawarga Karajan Saudi
). Karajan Utsmaniyah ngirimaken tamtamanipun dhateng wewengkon Arabia (Wewengkon Arab) lan ndadosaken kalahipun dhinasti Saud nalika tanggal
15 Juni
1904
, nanging sasampunipun tamtama Utsmaniyah kalah, tamtama dhinasti Saud kasil ngempalaken malih kakiyatanipun.
Nalika taun
1912
, Ibnu Saud kasil nguwaosi
Nejd
kanthi pambiyantunipun dhinasti
Wahabi
. Nalika taun
1922
dhinasti Saud kasil nelukaken dhinasti Rashidi lan punika dados pungkasanipun panguwaosan dhinasti Rashidi ing Wewengkon Arab. Taun
1925
, dhinasti Saud kasil ngrebat Kutha Suci
Makkah
saking Syarif Hussain bin Ali. Nalika
10 Januari
1926
, Ibnu Saud jumeneng nata dados Raja
Hijaz
ing
Masjidil Karam
,
Makkah
. Nalika taun
1932
, sasampunipun nguwaosi meh sadaya wewengkon
Jazirah Arab
saking mengsah-mengsahipun, Ibnu Saud maringi nama wewengkon gabungan Hijaz lan Nejd kanthi nama Arab Saudi.
Lisah lan pamarentahan Ibnu Saud
[
besut
|
besut sumber
]
Sasampunipun
lisah patra
pinanggih ing Arab Saudi nalika taun
1938
, Ibnu Saud maringi idin dhumateng perusahaan-perusahaan Kilen kangge ngawontenaken eksplorasi lisah ing mrika. Sedaya kauntungan asil sade lisah dipunparingaken dhateng kulawarga Saud. Kauntungan asil panyadean lisah ingkang saya ageng ndadosaken Ibnu Saud miwiti mblajakaken artanipun kangge nyaekaken pagesangan sadaya kawulanipun.
Panjenenganipun meksa suku-suku nomadik supadoa mapan kanthi tetep ing satunggalipun papan. Panjenenganipun miwiti mbudi daya mbrastha kriminal mliginipun kriminal dhateng paziarah ing
Mekah
lan
Madinah
.
[1]
Archived
2006-08-22 at the
Wayback Machine
.