Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Hotel Llao llao ing
Argentina
.
Hotel Mirage ing Las Vegas.
Hotel
tegese papan kang duwe mupangat kanggo nampung
wong
kang teka ing sawijine
laladan
utawa wewangunan kang nyedhiani pondokan, panganan lan ombenan kanggo umum.
[1]
Hotel kang kapisanan pancen diciptake kanggo nglayani masarakat.
[1]
.Hotel asal-usule didelemg saka dasanama asale saka tembung
hostel
, tembung iki kalebu basa
Prancis
kuna.
[1]
.Sajarah Hotel madeg wiwit akir
abad
17
.
[1]
Hotel uga kagolong wewangunan kang duwe akeh
kamar
kanggo disewake kanggo nginep.
[2]
Ing hotel uga ana restoran lan ana uga kang nyewakake
gedhong
kanggo pertemuan, kanggo
ngantenan
lan kanggo
rapat
.
[2]
Hotel kalebu salah sawijining wujud
akomodasi
kang dadi pangkopenan kanthi cara komersial, disediake kanggo sapa wae kang kepengin entuk pelayanan, kepengin nginep, mangan lan ngombe kanthi cara mbayar.
[2]
Hotel apung
kalebu hotel nanging panginepan iki pernahe ing pinggir
kali
,
terusan
utawa
sagara
.
[2]
Hotel apung ya iku hotel kang ana ing ndhuwur
kapal
laut.
[2]
Hotel apung bisa pindhah-pindhah enggon awit ana ing ndhuwur kapal.
[2]
- Hotel berbintang
ya iku hotel kang susunane, pengaturane lan manajemene murwat miturut standar
internasional
ing tataran kang wis ditemtokake.
[2]
Dene tataran mau bisa diarani:
- Hotel kutha
ya iku hotel kang manggon ing pusat kutha lan akeh-akehe kanggo nginep
wisatawan
.
[2]
Ana uga kang diarani
melati hotel
, melati hotel iki hotel kang duwe tarif prasaja, lan biayane bisa dijangkau masarakat kang ekonomine lumebu golongan ekonomi lemah.
[2]