한국   대만   중국   일본 
Nagara - Wikipedia Menyang konten

Nagara

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Negara )
     

Nagara iku wewengkon ing bumi kang kakuwasan pulitik , militer , ekonomi , sosial lan budayan e ditata dening paprentahan kang nan ing wewengkon mau. Supaya bisa diarani nagara kudu ndarbeni rakyat, yaiku wong-wong kang nampa anane organisasi iki. Syarat liyane yaiku anane wewengkon tartamtu papan nagara iku manggon. Bab liyane apa kang diarani kadhaulatan, yaiku nagara diakoni dening wargane minangka kang nyekel kakuwasan paling dhuwur ing wewengkon panggonan nagara.

Anane nagara [ besut | besut sumber ]

Anane nagara, kaya organisasi lumrahe, yaiku kanggo nggampangke anggotane ( rakyat ) nggayuh tujuan utawa gegayuhane. Kepenginan iki dirumusake sajeroning sawiji dhokumen kang diarani Konstitusi , kalebu ing jerone aji-aji kang dipikul dhuwur dening rakyat minangka anggota nagara. Minangka dhokumen kang nyantumake gegayuhan rakyat, maksud diyasa nagara, Konstitusi minangka dhokumen hukum paling dhuwur ing sawijining nagara. Mulane konstitusi uga ngatur cara-cara nata nagara. Konstitusi ing Indonesia diarani Undhang-Undhang Dhasar .

Pangerten nagara miturut para ahli [ besut | besut sumber ]

  • George Jellinek
    Nagara iku paguyuban kakwuasan saka seklompok manungsa kang wis manggon ing wewengkon tartamtu.
  • George Wilhelm Friedrich Hegel
    Nagara minangka paguyuban kasusilan kang muncul minangka sintesis saka kamardikan individual lan kamardikan universal
  • Krannenburg
    Nagara iku opaguyuban kang timbul amarga ana kepenginan saka sawiji golongan utawa bangsane dhewe .
  • Roger F. Soltau
    Nagara iku piranti utawa wewenang kanggo ngatur utawa ngendalekake persoalan bersama tumrap masarakat .
  • Prof. R. Djokosoetono
    Nagara iku paguyuban manungsa utawa kumpulan manungsa kang ana ing ngisor siji paprentahan kang padha.
  • Prof. Mr. Soenarko
    Nagara iku paguyuban sing ndunungi kang ndarbeni laladan tartamtu, kang kakuwasan nagara lumaku ing kana minangka sawijining kadhaulatan. cgsfdgsf

Deleng uga [ besut | besut sumber ]