Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yangon
(???????), rumiyin
Rangoon
, gadhah populasi 4.504.000 jiwa (data saking taun
2001
), punika kitha krajan nagari
Myanmar
ngantos
7 November
2005
, nalika kitha krajan dipunpindhahaken dhumateng Pyinmana. Kitha punika mapan wonten Bengawan Yangon, caketipun Teluk Martaban. Barang eksporipun wujud
pantun
,
kayu jati
,
lenga patra
, kapas lan logam.
Yangon dipentemokaken abad ping 6, wujud kampung warigaluh utawa tiyang belahan. Ratu Alaungapaya nguwasani Yangon saking pawongan Mon wonten
1753
lan njenengi saking tembung "Dagon" dados jeneng sapunika "Yangon", artinipun "bubaring kacongkrahan". Yangon dipunkuwasani
Karajan Manunggal
wonten
1852
lan dados ibukithanipun Myanmar. Yangon ngalami
lindhu
an
tsunami
ingkang mbebayani taun
1930
.
Wonten 8 Maret 1942 nalika Perang Dunia II, bala Jepang nguwasani kitha punika.
Yangon gadhah iklim tropis. Wonten mangsa adhem, udan wonten Yangon luwih sithik ketimbang wonten mangsa panas. Miturut Koppen lan Geiger, iklim sapunika dipunklasifikasi dados iklim Aw. Suhu rata-rata 27.3 °C. Udan taunan rata-rata 2378 mm.