한국   대만   중국   일본 
William N. Fenton - Wikipedia Menyang konten

William N. Fenton

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

William N. Fenton ya iku ahli antropologi lan arkeologi saka New Rochelle, New York , Amerikah Sarekat , kalairan taun 1908 [1] . Pandhidhikan pawiyatan luhur Willian iku saka ing Dartmouth College (BA) taun 1931 lan ing Yale University (Ph.D.) taun 1937 [1] . Panlitian antropologis kang dilakoni Williamya iku ing bab arkeologi Nebraska lan Dakota kidul). Uga ing reservasi Seneca ing Kanada taun 1933-1984. Tulisan-tulisan dheweke ya iku antarane The Iroquois Eagle Dance (1953), Customs of the American Indians Compared with the Customs of Primitive Times (1974), The False Faces of the Iroquois (1987), lan The Great Law and the Longhouse (1998) [1] [2] . Panlitian profesional Willian, kajian lan tulisane nuduhake bab bebrayan Iroquois lor. Pisumbangan Fenton kanggo antropologi ya iku kajian Iroquois kang monumental [2] [3] . Dheweke musatke panlitiane ing bab budhaya, simbolisme, lan pangerten budhayane. William uga nate dadi presidhen American Folklore Society, American Society for Ethno-history, American Anthropological Association, lan American Ethnological Society [1] . Willian uga nampa pangaji ing bab panlitian Iroquois [1] .

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e Amit, Vered (2004). Biographical dictionary of social and cultural anthropology . London: Routledge. kc. 216. ISBN   020364459X . OCLC   436848672 .
  2. a b "William Fenton - University of Nebraska Press" . Nebraska Press (ing basa Inggris Amerika Sarekat) . Dibukak ing 2018-01-08 .
  3. Press, The Associated (2005-06-23). "William N. Fenton, 96, Expert on Iroquois, Is Dead" . The New York Times (ing basa Inggris Amerika Sarekat). ISSN   0362-4331 . Dibukak ing 2018-01-08 .