Wikipedia : Pitakonan kang asring banget kawetu

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kaca ini isi daftar pitakonan ngenani Wikipedia sing kerep banget kawetu dening naraguna anyar . Priksanen apa pitakonan sing bakal panjenengan ajokake wis kajawab ing kaca iki utawa durung, yen durung panjenengan bisa ngajokake ing Warung Kopi .

Kenapa artikel "X" ora ana? [ besut sumber ]

Sawijining artikel "X" ora ana ing Wikipedia tegese durung ana sing gawe utawa nulis artikel kasebut. Naraguna ing Wikipedia bebas milih artikel endi wae sing bakal ditulis. Yen panjenengan kepingin ngrintis, panjenengan diaturi gawe artikel kasebut .
Aja nunggu wong liya miwiti artikel sing durung ana. Senadyan sethithik, tulisan sing bakal panjenengan sumbangake bakal migunani kanggo pangembangan artikel kasebut ing mangsa ngarep.

Kenapa artikel iki ora jangkep? [ besut sumber ]

"Kenapa artikel iki ora jangkep?", "kenapa xyz ora ditulis ing artikel abc?", "kenapa panata ora nulis xyz ing abc?". Kanggo njawab pitakonan kasebut panjenengan kudu mangerteni cara kerja Wikipedia. Kaya dene jawaban pitakonan "Kenapa artikel 'X' ora ana?" ing ndhuwur, Wikipedia ditulis dening naraguna-naragunane. Panulis-panulise klebu para panata bebas nulis artikel apa wae ing Wikipedia, nanging para panulise ora dibebanin kudu nulis kanthi pepak.
Yen penjenengan nemokake artikel sing ora pepak lan panjenengan kepingin nambahi informasi, panjenengan diaturi langsung nyunting artikel kasebut.

Sapa sing nulis artikel ing Wikipedia? [ besut sumber ]

Kabeh artikel ditulis d'ening naraguna-naraguna Wikipedia sacara sukarila. Naraguna bebas milih lan nulis topik sing disenengi. Ora ana sing dibayar kanggo nulis ing Wikipedia.

Kenapa artikel gaweyanku dibusak? [ besut sumber ]

Ora kabeh informasi layak kanggo dilebokake ing wikipedia. Nanging iku dudu satu-siji-sijine alesan pambusakan artikel. Bisa-bisa artikel sing digawe ora layak saka segi panulisan, ngandhut panyesatan utawa fitnah. Waca pituduh lan pitulung panulisan supaya tulisan panjenengan bisa dadi layak.
Panjenengan uga bisa takon ing warung kopi supaya entuk katrangan ngenani pambusakan.

Aku bingung, sapa sing bisa dihubungi? [ besut sumber ]

Mesthi wae sing utama yakuwi para panata . Nanging panjenengan uga bisa ngubungi naraguna liya sing aktif . Panata lan naraguna aktif biasane bakal seneng bisa mbantu panjenengan.
Kanggo bantuan sacara online , gunakna fasilitas Internet Relay Chat (IRC) utawa liwat milis Wikipedia basa Jawa .

Aku ora ngerti cara ngatur tulisan sing becik, apa oleh nyumbang? [ besut sumber ]

Aja wedi, saben tulisan ing wikipedia diawasi dening panata lan naraguna sing wis ahli jroning ngatur tampilan artikel. Para naraguna mau bakal mbantu ndandani..
Perangan sing paling wigati yakuwi informasi lan data sing panjenengan sumbangake, dudu penampilane.

Apa iku vanitas? Kenapa artikelku diwenehi penget vanitas? [ besut sumber ]

Vanitas iku istilah kanggo nengeri pratingkah manfaatake kabebasan ing wikipedia kanggo ngekspos awake (organisasine) dhewe ing internet.
Yen [panjenengan pancen ngrasa misuwur, utawa saora-orane cukup notable , luwih becik umbarna wong liya sing nulis artikel ngenani biografi panjenengan. Utawa yen panjenengan tetep kepingin nulis ngenani dhiri pribadi panjenengan, pesthekna migunakake sumber-sumber sing pinercaya , dudu saka pangalaman pribadi panjenengan dhewe. Endhani uga tindakan ngalem awake dhewe lan migunakake ukara hiperbolis .
Diaturi maos kawicaksanan ngenani notability supaya mangerteni apa panjenengan bisa dianggap layak ditulis ing wikipedia. Yen sawise maca kawicaksanan kasebut lan ngrasa yen panjenengan durung layak dibahas ing sawijining artikel, elingana isih ana kaca naraguna sing bisa panjenengan isi kanthi katrangan pribadi panjenengan. Luwih pepak, pirsani: Wikipedia:Vanitas .

Deleng uga [ besut sumber ]