Wikipedia : Dudu

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Wikipedia iku sawijining bauwarna jeron jaringan lan, minangka panmbudidaya anggone nggayuh gagayuhan iku mau, sawijining meta:The Wikipedia Community saka wong-wong kang dhemen kanggo mbangun lan migunakake bauwarna kang kwalitase dhuwur mawa semangat padha-padha ngajeni. Awit saka iku, Wikipedia dudu papan kanggo samubarang tartamtu .

Cakrik lan Format [ besut sumber ]

Wikipedia dudu bauwarna cithak [ besut sumber ]

Wikipedia dudu bauwarna cithak, nanging sawijining proyek bauwarna maya utawa digital . Saliyane bisa ditetepake lan wiji liya kang cumawis ing kaca iki, ora ana watesan praktis babagan cacahing topik utawa cacahing isi kang kinukub dening Wikipedia. Nanging ana prabedan wigati antarane bab kang kena ditindakake lan bab kang amrih ditindakake, kang kamot sajroning konten ensiklopedhis ing ngisor iki. Awit saka iku, kawicaksanan iki dudu idi bebas ngamot: artikel kudu manut marang kawicaksanan isi kang layak, mliki kang kamot sajroning pancapilar .

Njaga ajeging artikel ana sajroning ukuran kang lumrah iku wigati amrih gampanging akses Wikipedia, mligi tumrap para maos kang migunakake jaringan tilpun lan paramban mobile, awit bab iku bakal aweh pengaruh langsung nalika ngundhuh kaca (deleng Wikipedia:-). Merang artikel dawa lan nyisakake ringkesan sacukupe iku minangka peranganing pituwuhan alami kanggo sawijining topik (deleng Wikipedia:-). Sawetara topik kang kamot ing bauwarna cithak namung jeron artikel cekak lan statis, nanging Wikipedia bisa nglebokake informasi kang luwih akeh, nyawisake pranala njaba kang luwih akeh, lan bisa dianyari kanthi luwih cepet.