한국   대만   중국   일본 
Weteng - Wikipedia Menyang konten

Weteng

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Weteng (Abdomen)
Weteng lan organ manungsa sing bisa ditemokake ing njerone
Rincian
Actions Gerakan lan dhukungan kanggo awak
Bantuan karo ambegan
Perlindhungan kanggo organ internal
Pengenal
Latin Abdomen
MeSH D000005
TA98 Masalah skrip: Fungsi "getTAValue" ora ana.
TA2 127
FMA 9577
Terminologi anatomi
[[[d: Masalah skrip: Fungsi "pageId" ora ana. |besut ing Wikidata]]]
Pambandhingan abdomen manungsa lan semut.

Abdomen iku istilah kang dipigunakake kanggo nyebut peranganing badan kang ana ing antarane thorax utawa dhadha lan pelvis ing kewan mamalia lan vertebrata liyane. Ing arthropoda , abdomen iku perangan paling posterior badan, kang ana samburine thorax utawa cephalothorax (sefalotoraks). [1] . Ing basa Indonesia umum, asring uga ingaran mawa perut lan ing basa Jawa weteng utawa padharan (krama). Perangan kang ditutupi dening abdomen ingaran cavitas abdominalis utawa gronggongan weteng.

Vertebrata [ besut | besut sumber ]

Ing vertebrata , abdomen iku s gronggongan gedhe kang dililingkupi dening otot-otot weteng ing perangan ventral lan lateral , sarta anane kolumna spinalis ing sisih dorsal . Perangan ndhuwur abdomen wewatesan karo balung iga utawa costae. Cavitas abdomninalis wewatesan karo cavitas thorax utawa gronggongan dhadha nganggo otot diafragma lan sisih ngisor karo cavitas pelvis utawa gronggongan panggul.

Antara cavitas abdominalis lan cavitas pelvis diwatesi nganggo membran serosa kang kaloka minangka peritoneum parietalis . Membran iki uga mbungkus organ kang ana ing weteng lan dadi peritoneum visceralis . [2]

Ing vertebrata, sajeroning weteng ana warna-warna sistem organ, kaya dene saperangan gedhe organ sistem pencernaan, sistem perkemihan. Ing ngisor iki organ kang bisaapat tinemu sajeroning weteng:

Ana uga organ mligi kang kas ing sawatara kewan kaya struktur lambung ing ruminansia kang diperang dadi patang ruangan, rumen , retikulumn , omasum , abomasum . [3] .

Avertebrata [ besut | besut sumber ]

Struktur ing semut pekerja.

Ing avertebrata , weteng kasusun saka lempengan ndhuwur konkaf kang ingaran tergit lan lempeng ngisor kang konveks utawa sternit . Ing jero weteng ana saluran pencernaan lan organ reproduksi.

Ora kaya arthropoda liyane, gegremet ora duwe sikil ing wetenge ing wangun diwasane, sanadyan ing Protura ana sikil kang rudimenter (ora tuwuh) ing telung segmen weteng pisanan.

Referensi [ besut | besut sumber ]

  1. Abdomen. (n.d.). Dictionary.com Unabridged (v 1.1). URL: http://dictionary.reference.com/browse/abdomen [Dijupuk: 22 Okt 2007]
  2. Peritoneum. The Veterinary Dictionary. Elsevier, 2007. http://www.answers.com/topic/peritoneum [Accessed: 22 Oct 2007].
  3. "Ruminant." The Veterinary Dictionary. Elsevier, 2007. http://www.answers.com/topic/ruminant [Accessed: 22 Oct 2007].