한국   대만   중국   일본 
Waraha - Wikipedia Menyang konten

Waraha

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Waraha Awatara
Waraha Awatara nitih kreta tembaga Searsole Rajbari, Benggala Barat, India

Waraha (basa Sanskerta : ?????; Var?ha ) inggih punika awatara ingkang kaping tiga saking Dewa Wisnu ingkang awujud babi alas . Awatara punika njalma nalika jaman Satyayuga (jaman kabecikan). Cariyos babagan Waraha Awatara kababaraken wonten ing kitab Warahapurana kaliyan Purana-Purana sanesipun. [1]

Mitologi [ besut | besut sumber ]

Miturut mitologi Hindhu , nalika jaman Satyayuga (jaman kabecika), wonten sawijining raksasa sinebut Hiranyaksa , rayinipun raksasa Hiranyakasipu . Kekalih punika minangka bangsa Detya (raksasa). Hiranyaksa badhe ngilemaken bumi wonten ing salebeting "lautan kosmik," sawijining papan antah berantah ing ruang akasa. [2] Mirsani donya punika badhe kiamat, Wisnu njalma dados "Waraha (babi alas)" ingkang gadhah taring kangge nopang bumi ingkang dipundhawahaken dening Hiranyaksa. Usaha ingkang dipunlaksanakaken Waraha boten lumampah kanthi lancar amargi kaadhang dening Hiranyaksa. Saengga kadadosan paprangan antawisipun raksasa Hiranyaksa klawan Dewa Wisnu . Kocap kacariyosaken paprangan punika kaadanan eunan taun. Ing pungkasanipun, Dewa Wisnu ingkang saged numpes raksasa Hiranyaksa. [3]

Sabibaripun Piyambakipun menang, lajeng ngangkat bumi ingkang kados bal kanthi taringipun saking "lautan kosmik" saha mbangsulaken bumi wonten ing papan dunungipun. [4]

Panggambaran [ besut | besut sumber ]

Waraha Awatara kagambaraken minangka babi alas ingkang ngasta planit bumi kanthi kekalih taringipun, saha dipunangkaat wonten ngajeng netra. Sawetawis ugi kagambaraken minangka priyantun kanthi mustaka babi alas, kanthi taring kalih, saha sekawan asta ingkang nyepeng cakra , terompet saking kulit kerang ( sangkakala ), terate , saha gada . [5]

Nama Sanesipun [ besut | besut sumber ]

  • Bhuwaraghan
  • Waraghan
  • Warha
  • Yagnawaraha
  • Sr?eewaraham
  • Adhiwaraha

Kuil Waraha [ besut | besut sumber ]

India [ besut | besut sumber ]

Andhra Pradesh
  • Simhachalam
  • Kuil Tirumala Venkateswara-dumunung ing Tirumala, caket Tirupati. Hal punika dipunanggep minangka sawijining kuil ingkang kuna sanget. Para peziarah ingkang angka kapisan kedah nyembah Waraha saha salajengipun Lord Venkateswara. Babagan punika kawentar minangka Aadhi Varaha Near ST stand.
  • YagnaWaraha-dumunung ing Karimnagar Kabupaten Andhra Pradesh. Ugi misuwur minangka "YagnaVaraha Kshetram".
  • Kuil WarahaSwamy ugi dumunung ing Shivaji Nagar, Secundrabad.
Haryana
  • Kuil Sri Waraha-ing pundi Waraha dumunung ing Varah Tirth ing Desa Brahkalan (Jind).
  • Kuil Waraha-dumunung ing Desa Waraha Kabupaten Jind. Wonten murti Swayambhu saking Waraha. [6]

Ugi pirsani [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. Pertempuran antara Raja Babi hutan (Waraha) dan raksasa Hiranyaksha Archived 2012-09-01 at the Wayback Machine . (vedabase.net)](dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  2. [1] (dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  3. [2] (dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  4. [3] Archived 2012-12-12 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  5. [4] Archived 2012-01-19 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 9 November 2012)
  6. Dharam Vir Singh (Alih Basa Dening I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah Pengantar ISBN 978-979-722-399-1 . Surabaya: Penerbit Paramita.
Waraha
Sebelumnya:
{{{sadurunge}}}
Awatara Wisnu
ke-3
Berikutnya:
{{{sawise}}}
Awatara Wisnu
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki