한국   대만   중국   일본 
Voltaire - Wikipedia Menyang konten

Voltaire

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Francois-Marie Arouet
Lair 21 November , 1694
Paris , Prancis
Pati Mei 30, 1778 ( 1778-05-30 ) (umur 83)
Paris , Prancis
Jeneng pen Voltaire
Pakarya Panulis esai
Bangsa Prancis

Voltaire iku sajatine jeneng sesinglon saka Francois Marie Arouet kang lair ing Paris taun 1694. Dheweke ora mung pujangga, nanging uga pangripta naskah drama, esai, carita cekak , mumpuni ing babagan sajarah uga filsuf . Voltaire iku minangka salah sawijining tokoh pamikir liberal.

Volataire lair saka kulawarga menengah, bapakne makarya dadi ahli hukum. Nalika enom, dheweke sinau ing pawiyatan Jesuit Louis-le-Grand ing Paris, banjur nyinau elmu hukum nanging mung sedhela. Volatire kawentar dadi bocah kang pinter lan humoris migunakake ukara-ukara satire. Ing ngisor ancient regime utawa paprentahan lawas, solah bawa lan pacelathon kaya ngono iku ngundang bebaya. Amarga saka pocapane iku akire Voltaire dilebokake ing pakunjaran Bastille nganti meh setaun lawase.

Sajeroning ing pakunjaran, dheweke nulis geguritan kang ngemu surasa kepahlawanan Henriade kang sabanjure oleh pangurmatan kang gedhe. Taun 1718, ora let suwe metu saka pakunjaran, drama Oedipe oleh sukses kang gedhe. Ing umur patlikur taun Voltaire dadi wong kang kawentar lan dadi pujangga sepanjang masa saka Prancis. Sanajan pinter nanging Voltaire ora semanak semedulur lan gumedhe. Amarga iku Voltaire ora disenengi dening golongan aristkrat Prancis. Pungkasane Voltaire dilebokake pakunjaran Bastille maneh taun 1726. Dheweke dibebasake kanthi sarat kudu lunga saka Prancis, bajur manggon ing Inggris sajeroning loro setengah taun.

Ing Inggris, Voltaire sinau sastra saka pujangga lan tokoh Inggris kang misuwur kaya John Locke , Francis Bacon , Isaac Newton lan William Shakespeare . Voltaire uga kepencut marang sistem paprentahan Inggris kang menehi kabebasan marang pujangga.

Nalika bali ing Prancis, Voltaire nulis buku kanthi judhul Lettres Philosophiques kang lajim karan Letters on the English , terbit taun 1734. Ing buku iku, Voltaire nggambarake kaanan kang nengsemake ing Inggris, mligi kaanan pulitik , awit saka iku Voltaire kudu lunga sapisan maneh saka Paris. Voltaire ngentekake wektu limalas taun ing kutha Cirey , tlatah kang ana ing lore Paris. Taun 1750 lunga menyang Jerman . Taun 1753, dheweke lunga saka Jerman lan maggon ing salah sawijining perkebunan sacedhake Jenewa . Taun 1758, Voltaire pindhah menyang perkebunan kang ana ing wewatesan Prancis - Switserlan , ya iku Freney . Ing kana, Voltaire manggon rongpuluh taun lawase. Sasuwene iku uga dheweke terus makarya lan ngasilake tulisan-tulisan kang misuwur.

Ngancik umur 83 taun, ya iku taun 1778 Voltaire bali menyang Prancis. Ing Prancis rakyat padha ngagung-agungake dheweke. Tanggal 30 Mei 1778 Voltaire nilar donya ing Paris. Amarga anti greja, Voltaire ora entuk upacara panguburan saka greja, nanging telulas taun chandhake, tokoh revolusioner Prancis mindhah kuburane menyang Pantheon Paris.

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]