Victor Marie Comte Hugo

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Victor Hugo
Lair Victor Marie Comte Hugo
26 Februari 1802
Besancon , Prancis
Pati 22 Mei 1885
Paris , Prancis
Pakaryan Sastrawan

Victor Marie Comte Hugo utawa (kondhang minangka) Victor Hugo ya iku penyair, novelis, lan dramawan kondhang. [1] Victor Hugo ya iku anak jendral kang misuwur ing di jaman Napoleon. Bapake nate dadi gubernur ing Spanyol lan Italia. Dheweke lair ana Besancon , Prancis , tanggal 26 Februari 1802 . [1] Seda ana Paris , Prancis , tanggal 22 Mei 1885 . [1] [2] Pemakamane diparani punjul rong yuta wong, siji laku massa gedhe dhewe kang tau ana ing Paris lan punjul total populasi wektu iku. [2]

Dheweke kondhang amarga novele Notre-Dame de Paris ( 1831 ) lan Les Miserables ( 1862 ). [1] Sawise 150 taun, liwat filem lan panggung lakon, Les Miserables nginspirasi wong-wong saindenging donya nyanyekake revolusi, barikade, lan donya kang luwih apik. [2]

Hugo dudu apa-apa angger ora kontroversial. [2] Ana debat sajarah suwe lan pirang-pirang ora kasarujukan ana kaum radikal ngenani kepiye carane ngerteni Hugo lan pakaryane. [2]

Pulitike Hugo ngalih drastis bebarengan laku uripe. [2] Dheweke nganut burjois sayap kiwa kang rada sosialis. [2] Ing wektu liya, dheweke royalis, imperialis, lan kontrarevolusioner. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d Barrere, Jean-Bertrand. "Victor Hugo: French writer" . britannica.com . Dibukak ing 30 August 2016 .
  2. a b c d e f g h Behrent, Megan (2011). "The enduring relevance of Victor Hugo" . isreview.org . Dibukak ing 1 September 2016 .

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]