한국   대만   중국   일본 
Universitas Hasanuddin - Wikipedia Menyang konten

Universitas Hasanuddin

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Universitas Hasanuddin
Diadegake 11 Juni 1956
Jenis Universitas nagari
Rektor Prof. Dr. dr. Idrus A. Paturusi, Sp.BO
Mahasiswa 30.000 orang
Kampus Tamalanrea
Lokasi Makassar , Sulawesi Selatan , Indonesia
Warna Merah
Julukan Universitas Tertua di Sulawesi
Situs web www.unhas.ac.id

Universitas Hasanuddin , dicekak Unhas , iku perguruan tinggi nagari ing Makassar , Sulawesi Kidul , Indonesia , kang madeg ing tanggal 11 Juni 1956 . Rektor ing taun 2006 yaiku Prof. Dr. dr. Idrus A. Paturusi, Sp.BO .

Perguruan tinggi iki wiwitane wujud pangembangan saka Fakultas Ekonomi Universitas Indonesia nalika Bung Hatta isih dadi Wakil Presidhen. Kampus Unhas wiwitan dibangun ing Baraya utawa Kampus Baraya.

Nanging, awal taun 1980-an, nalika Rektor dijabat Prof. Dr. Achmad Amiruddin , Kampus Unhas dipindhah menyang Tamalanrea , amarga Kampus Baraya wis dadi papan ing tengah kutha.

Saiki Kampus Unhas mapan ing areal kang jembare 220 hektar ing Tamalanrea kanthi maneka fasilitas. Wiwit lair ing pungkasan taun 2006 Fakultas ing Universitas hasanuddin nambah 1 wujud pamekaran saka Fakultas Pertanian lan Kehutanan yaiku Fakultas Kehutanan. Wektu iki wis dikembangake kampus anyar UNHAS kang mligi kanggo Fakultas Teknik kang dumunung ing tilas pabrik kertas Gowa ing kabupaten Gowa. Kampus anyar iki wiwit dianggo ing taun 2006 sanadyan isih sajeroning tahap renovasi lan pembangunan gedhong lan fasilitas.

Penganugerahan Honoris Causa [ besut | besut sumber ]

Universitas Hasanuddin, nganti September 2011, wis maringi anugerah gelar kehormatan dhoktor Honoris Causa marang 7 tokoh, yaiku [1] :

  1. Ir. Soekarno , Presidhen Pertama RI.
  2. Drs. Mohammad Hatta , Wakil Presidhen pertama RI.
  3. Chaerul Saleh ,, Wakil Perdana Penteri RI.
  4. Prof. Dr. BJ Habibie , Presidhen ke-3 RI.
  5. Nelson Mandela , Presidhen Afrika Selatan .
  6. Tun Najib Tun Razak , Wakil Mahamantri Malaysia .
  7. Jusuf Kalla , Wakil Presidhen kaping 10 RI.

Fakultas [ besut | besut sumber ]

Universitas Hasanuddin kapengkar dumadi 16 fakultas , yaiku:

  1. Fakultas Ekonomi
  2. Fakultas Hukum
  3. Fakultas Kedhokteran
  4. Fakultas Teknik
  5. Fakultas Ilmu Budaya
  6. Fakultas Ilmu Sosial dan Ilmu Pulitik
  7. Fakultas Pertanian
  8. Fakultas Matematika dan Ilmu Pengetahuan Alam
  9. Fakultas Peternakan
  10. Fakultas Kedhokteran Gigi
  11. Fakultas Kesehatan Masarakat
  12. Fakultas Ilmu Kelautan dan Perikanan
  13. Fakultas Farmasi
  14. Fakultas Kehutanan
  15. Fakultas Kedhokteran Hewan
  16. Fakultas Psikologi

Rektor [ besut | besut sumber ]

Wiwit kababar SK Mantri PP dan K No. 3369/S Tanggal 1 1 Juni 1956 kapetung wiwit 1 September 1956 karo PP No. 23 Tanggal 8 September 1956, Lembaran Nagara No. 39 Tahun 1956 kang kanthi resmi dibuka dening Wakil Presidhen RI Drs. Moh. Hatta ing tangggal 10 September 1956, UNHAS dibawahi Rektor yaiku:

  1. Prof. Mr.A.G. Pringgodigdo 1956-1957
  2. Prof. Mr. K.R.M.T. Djokomarsaid 1957-1960
  3. Prof. Arnold Mononutu 1960-1965
  4. Let. Kol. Dr. M. Natsir Said, S.H. 1965-1969
  5. Prof. Dr. A. Hafid 1969-1973
  6. Prof. Dr. Ahmad Amiruddin 1973-1982
  7. Prof. Dr. A. Hasan Walinono 1982-1984
  8. Prof. Dr. Ir. Fachruddin 1984-1989
  9. Prof. Dr. Basri Hasanuddin, M.A 1989-1997
  10. Prof. Dr.Ir. Radi A. Gany 1997-2006
  11. Prof. Dr.dr. Idrus A. Paturusi, Sp.BO 2006-Sekarang

Referensi [ besut | besut sumber ]

  1. Harian Surya edisi Minggu, 11 September 2011. Kallanomics Antar JK Raih Gelar Dhoktor HC .

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]