Universitas Cambridge

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Universitas Cambridge
Cambridge University coat of arms
Jeneng latin Cantabrigien (Cantab.)
Didirikan 1209
Konselor David Sainsbury
Wakil Konselor Leszek Borysiewicz
Mahasiswa 16.500 total (4.700 pasca-sarjana)
Lokasi {{{lokasi}}}
Afiliasi Russell Group , Coimbra Group , EUA , LERU
Situs web http://www.cam.ac.uk

Universitas Cambridge ( Inggris : Cambridge University ; Latin : Universitas Cantabrigiensis ) iku universitas tuwa dhewe kaloro ing donya, kanthi sarat lumebu kang paling ketat ing Karajan Manunggal .

Cathetan wiwitan wis ora kasimpen maneh, nanging universitas iki tuwuh saka sawijining perhimpunan sarjana ing kutha Cambridge, Cambridgeshire , Inggris , kemungkinan diwangun taun 1209 dening sarjana kang kabur saka Universitas Oxford sawise ana pasulayan karo kang ndunungi kutha mau. Rujukan ?

Universitas Oxford lan Cambridge, sok dijuluki Oxbridge , wis duwe sajarah kompetisi kang suwe antara siji lan sijine, lan dianggep universitas paling elit lan mawa gengsi ing Karajan Manunggal. Miturut sajarah, kaloro universitas iki wis ngasilake sawatara elmuwan , juru nulis , lan pulitisi Karajan Manunggal kang misuwur.

Afiliasi saka Universitas Cambridge wis menangake 80 Bebungah Nobel [1] , luwih akeh tinimbang universitas liya ing donya. [2] . Saka 80 pemenang Bebungah Nobel iki, 70 tau kuliah ing Cambridge minangka murid prasarjana utawa pasca-sarjana, lan dudu minangka "associate" riset, "fellow" utawa profesor. ( Universita Chicago ing urutan angka 2 sajeroning afiliasi pemenang Bebungah Nobel, kanthi 79 pamenang, nanging mung 30 kang tau sinau ing Universitas Chicago minangka murid prasarjana utawa pasca-sarjana).

Pranalajaba [ besut | besut sumber ]

Cithakan:University of Cambridge