한국   대만   중국   일본 
Triangulum Australe - Wikipedia Menyang konten

Triangulum Australe

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
TRIANGULUM AUSTRALE

Peta Triangulum Australe
Cekakan TrA
Genitif Trianguli Australis
Asensio rekta 16
Deklinasi ?65
Area 110 derajad pesagi (# 83rd )
Lintang utama 3
Lintang
Bayer / Flamsteed
10
Lintang
mawa planet
1
Lintang padhang 3
Lintang cedhak 0
Lintang paling padhang α TrA (Atria) (1.91 m )
Lintang paling cedhak ζ TrA  (  tc )
Obyek Messier None
Udan meteor None
Rasi lintang
sing wewatesan
Norma
Ara
Circinus
Apus
Katon antara lintang + 25 ° lan − 90 °.
Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi July .
'

Triangulum Australe inggih punika salah satunggaling konstelasi ingkang alit ingkang mapan tebih wonten ing belahan bumi kutub kidul. [1] Triangulum australe inggih saking nama Latin , " the southern triangle ", ingkang misahaken piyambakipun saking Triangulum ingkang mapan wonten ing langit lor lan punika asalipun saking wujud ingkang meh sami kaliyan pola segitiga sama sisih saking tigang lintang ingkang padhang piyambak. Wujud wujud punika sepisanan dipungambaraken wonten ing satunggaling bal dunya dhedhasar Petrus Plancius ing taun 1589 , lan sapunika badhe langkung tepat malih dhedhasar gambaranipun Johann Bayer wonten ing taun 1603 kanthi nama Uranometria .

Piyambakipun inggih explorer saking Prancis ingkang sesarengan kaliyan astronom Nicolas Louis de Lacaille ingkang nggambaraken lan paring lintang ingkang padhang piyambak kanthi sebatan Bayer ing taun 1756 . Alpha Trianguli Australis ingkang misuwur kanthi sebatan Atria , inggih punika satunggaling raksasa oranye ingkang magnitudonipun kalih lan lintang ingkang padhang piyambak ing konstelasi punika. Kangge njangkepi segitiga ingkang wonten inggih kanthi kalih lintang pethak ingkang wigati ingkang wonten ing urutanipun lintang Beta lan Gamma Trianguli Australis . Sanajan ta konstelasi punika mapan wonten ing konstelasi galaksi Bimasekti lan ngewrat kathah lintang, objek langit ingkang lebet boten patos katingal. [2] Fitur ingkang paling wigati ingkang wonten inggih kalebet kluster ingkang kebikak NGC 6025 lan planit nebula NGC 5979.

Titikanipun [ besut | besut sumber ]

Triangulum Australen inggih punika satunggaling konstelasi ingkang alit ingkang dipunkiteri dening Norma wonten ing sisih lor , Circinus wonten ing sisih kulon , Apus ing sisih kidul , lan Ara wonten ing sisih wetan . Papanipun konstelasi triangulum australe punika caket kaliyan pointer ( Alpha lan Beta Centauri ), kanthi satunggal Circinus wonten ing tengahipun. [3] Satunggaling segitiga sama sisih kasar langkung gampil dipunmangertosi. Triangulum Australe mapan tebih wonten ing sisih kidul ing belahan bumi langit kidul ingkang badhe katingal saking Eropah , nanging lintang Circumpolar saperangan ageng saking belahan bumi sisih kidul. [3]

Trianglum Australe kalebet wonten ing kulawarga konstelasi Hercules , sesarengan kaliyan konstelasi Hercules, Sagitta, Aquila, Lyra, Cygnus, Vulpecula, Hydra, Sextans, Crater, Corvus, Ophiuchus, Serpens, Scutum, Centaurus, Lupus, Corona Australis, Ara, lan Crux. Konstelasi sanesipun ingkang wonten ing sak kitering Triangulum Australe inggih punika Norma , Ara , Circinus , lan Apus .

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. Triangulum Australe Archived 2012-02-12 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 12 Pebruari 2013)
  2. Inglis 2004 , kc. 119.
  3. a b Moore 2005 , kc. 116.

Cithakan:Navconstel Koordhinat : Sky map 10.67 h 00 m 00 s , +55.38° 00′ 00″