한국   대만   중국   일본 
Toyota Celica - Wikipedia Menyang konten

Toyota Celica

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Toyota Celica

Toyota Celica iku montor kang digawe taun 1990-an ya iku generasi kang kaping enem bisa menang saka mobil F1 ing salah sijine lomba balap mobil. [1] Ing siyaran pers Toyota,ing ajang lomba 1.16 mil kang dianakake ing Goodwood Festival of Speed ing Inggris , Toyota Celica bisa ngalahake kurang luwih 200 mobil kalebu mobil super lan Formula 1. [1] Mobil Toyota Celica kang disetir karo pembalap Inggris kang wis pensiun ya iku Jonny Milner mung mbutuhake wektu 48,07 dhetik kanggo nempu jarak kang adohe 1,16 mil. [1] Milner modifikasi mobil iki saengga duwe kakuwatan kanggo ngebut. [1] Mobil kang nduweni mesin Corolla 1.998 cc iku wis duwe daya 800 hp kanthi tambahan NOS . [1]

Toyota Celica iku montor sport coupe kang diprodhuksi karo Toyota Motor Corporation , Japan . [2] Toyota Celica digawe wiwit sasi Oktober 1970 nganti sasi April taun 2006 . [2] Nganti 36 taun Toyota Celica nduwe 7 generasi Celica. [2] Dene total kumulatif produksi kang cacahe punjul 4.1 yuta unit. [2] Toyota lumrahe dipasarake ing Amerikah Sarekat , Jepang , Eropah , lan Australia . [2] Negara-nagara iki kalebu nagara kang dadi konsumen paling akeh mobil toyota celica. [2] Mobil Toyota celica dadi mobil toyota kang digunakake ing kajuaraan rally tingkat donya utawa kang lumrahe diarani World Rally Championship (WRC) saka taun 1972 nganti tekan 1986 . [2] Ing taun iki Toyota celica nduweni penggerak saka rodha perangan mburi. [2] Dene wiwit taun 1988 nganti 1997 kanthi modhel GT-Four kang nduweni penggerak 4WD . [2] Toyota Celica kang dianggo ing WRC digawe karo Toyota Team Europe ing Koln, Jerman . [2] Nalika taun 2006 , Toyota Celica wis ora diprodhuksi maneh, dene posisine kang dadi mobil sport kompak digenteni karo Scion tC ing Amerika Utara . [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e m.detik.com [ pranala mati permanen ] (dipunundhuh tanggal 6 Agustus 2011)
  2. a b c d e f g h i j k situsotomotif.com Archived 2009-07-19 at the Wayback Machine .(dipunundhuh tanggal 6 Agustus 2011)