The Silence of the Lambs (filem)

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Poster filem The Silence of the Lambs sing dibabar kanggo biyoskup.

The Silence of the Lambs iku filem Amerikah taun 1991 ajenre horor-triler psikologi sing disutradarani Jonathan Demme lan dibintangi Jodie Foster, Anthony Hopkins, lan Scott Glenn. [1] Filem iki diadhaptasi dening Ted Tally saka novel taun 1988 sing nunggal jeneng anggitane Thomas Harris. Novel The Silence of the Lambs iku dadi novel angka 2 sing kanthi lakon Dr. Hannibal Lecter, sing kaloka minangka psikiater mobyor nanging jebul uga pamati rumante sing kanibal. Filem iki dadi filem adhaptasi kapindho saka novele Harris sing lakone Dr. Hannibal Lecter. Sadurunge ya iku filem Manhunter taun 1986 sing disutradarani Michael Mann. Ing filem iki, kacarita Clarice Starling, calon pagawe enom FBI Amerikah, lagi golek wejangan saka Dr. Lecter sing kinunjara nedya nyiyet pamati rumante sing ajejuluk "Buffalo Bill".

The Silence of the Lambs dibabar nalika 14 Februari 1991, lan entuk bebathen reged $272,7 yuta saka rantaman $19 yuta ing sakubenging donya. Filem iki dadi filem angka 3, saliyane It Happened One Night lan One Flew Over the Cuckoo's Nest , sing menang Academy Awards ing limang babagan: Gambar Paling Apik, Lakon Paling Apik, Sutradara Paling Apik, lan Naskah Adhaptasi Paling Apik. Filem iki uga dadi filem horor pisanan sing menangke nugraha minangka Gambar Paling Apik lan mung ana telung filem sing lumebu nominasi: The Exorcist taun 1973 lan Jaws taun 1975. [2] Filem iki dianggep mentes budayane, sujarahe, lan estetike dening Library of Congress Amerikah lan dipilih nedyo diluri ing National Film Registry nalika 2011. [3] Filem lanjutane, Hannibal dibabar kala 2001.

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. "The Silence of the Lambs" . Turner Classic Movies . Dibukak ing March 28, 2016 .
  2. "15 Facts About 'The Silence of the Lambs' You Didn't Know" . Hollywood.com . Dibukak ing 12 September 2015 .
  3. "Silence of the Lambs added to U.S. filem archive" . BBC. 28 December 2011 . Dibukak ing 28 December 2011 .