Teori probabilitas

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Probabilitas iku cara kanggo ngungkap kawruh utawa kapercayan yen sawiji kadadean bakal lumaku utawa wis kelakon. Konsep iki wis dirumusake kanthi luwih ketat sajeroning matematika , lan banjur dipigunakake kanthi luwih amba ora mung ing matematika utawa statistika wae, nanging uga kauangan , sains lan filsafat .

Konsep matematika [ besut | besut sumber ]

Probabilitas sawiji kadadean iku angka sing nuduhake kamungkinan dumadine sawiji kadadean. Ajine di antara 0 lan 1. Kedadeyan sing duwe aji probabilitas 1 iku kadadean sing mesthi lumaku utawa wis lumaku [1] . Umpamane srengenge sing isih njedhul saka sisih wetan nganti saiki. Dene kadadean sing duwe aji probabilitas 0 ya iku kadadean sing ora mungkin lumaku. Umpamane wedhus manak sapi.

Probabilitas/Peluang sawiji kadadean A lumaku dilambangake kanthi notasi P( A ), p( A ), utawa Pr( A ). Suwalike, probabilitas [dudu A] utawa komplemen A , utawa probabilitas sawiji kadadean A ora bakal kadadean, ya iku 1-P( A ). Minangka conto, peluang kanggo ora muncule wiji dhadhu enem yen sawijining dhadhu mawa sisih enem digulirake ya iku .

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. . A First Course in Probability - Sheldon Ross 1976