Stadion Emirates

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Stadion Emirates
Stadion Emirates ing wayah wengi

Stadion Emirates utawa Emirates Stadium iku stadion utawa lapangan gedhe kang dadi kandhange Arsenal F.C. . Dijenengake Emirates amarga Fly Emirates dadi panyokong duit gedhe dhewe kanggo Arsenal. [1] Lapangan iki sajatine dudu kandhang Arsenal kang kapisan. Sadurunge kandhange Arsenal ya iku Highbury ing London sisih lor. The Gunners pindhah menyang stadion anyare iki ing mangsa 2006/2007. Nganti seprene stadion iki dadi salah siji stadion bal-balan kang gedhe dhewe ing tlatah Inggris . Persise gedhe dhewe nomer telu sawise Wembley lan Old Trafford . Ing stadion iki uga, saben bakda mangsa rampung dianake Emirates Cup. Kompetisi iki dieloni dening Arsenal karo saperangan kelompok bal-balan kang diundang dening Arsenal. Stadion ing London sisih Lor iki bisa ngemot nganti 60.000 uwong.

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. Media Group, Arsenal (24 September 2009). "Arsenal celebrates Highbury Square opening" . www.arsenal.com . The Arsenal Football Club plc. Diarsip saka sing asli ing 7 July 2016 . Dibukak ing 7 July 2016 .