한국   대만   중국   일본 
Slender Man - Wikipedia Menyang konten

Slender Man

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gegambarane Slender Man

Slender Man , uga kondhang ajejuluk Slenderman (cara Jawa: Manungsa Ceking ), iku karakter adikodrati fiksi asal saka meme Internet kang dicipta taun 2009 dening Eric Knudsen (utawa "Victor Surge") minangka naraguna forum Something Awful. Slender Man iku makluk kang digambarake duwe paawakan memper manungsa kang cekinge lan dhuwure ora lumrah. Makluk iki raine rata lan nganggo klamben ireng.

Carita ngenani Slender Man adate ngenani manungsa ceking rai rata klamben ireng kang ngetuti, nyulika, utawa meden-medeni wong-wong mligi bocah. [1] Carita Slender Man ora mung winates ing siji gancaran carita, nanging uga ana ing warna-warna karya fiksi jeroring. [2] Karya fiksi gegayutan Slender Man uga nyrambahi pirang-pirang medhia, kalebu sastra, seni lan vidheo seri, kaya ta Marble Hornets . Sajabane fiksi jeroring, Slender Man mangaribawani budaya populer, asring digayutake karo kridha vidheo Minecraft lan kridha vidheo bab Slender Man dhewe, kaya ta Slender: The Eight Pages lan Slender: The Arrival .

Kawit taun 2014, ana geger moral tumrap Slender Man jalaran ana kadadean sutresnaning fiksi Slender Man iki kena kasus laku wirota, mligi piala nyuduk kang ameh mateni bocah enom ing Waukesha, Wisconsin.

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. Gail Arlene De Vos (2012). What Happens Next? . ABC-CLIO. kc. 162. ISBN   9781598846348 .
  2. Romano, Aja (October 31, 2012). "The definitive guide to creepypasta?the Internet's urban legends" . The Daily Dot . Dibukak ing 2013-04-22 .