Sistem endokrin

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Klanjer endokrin utama manungsa.

Sistem endokrin iku sistem kontrol klanjer tanpa saluran ( ductless ) kang ngasilake hormon kang sirkulasine ing badan ngliwati ilening getih kanggo mempengaruhi organ-organ liya. Hormon tumindak dadi "panggawa pesen" lan digawa dening ilening getih nuju maneka warna sel ing badan, kang sabanjure njarwaake "pesen" mau dadi siji tindakan. Sistem endokrin ora nglebokake klanjer eksokrin kaya klanjer idu , klanjer kringet , lan klanjer-klanjer liya ing saluran gastroinstestin .

Cabang kadhokteran kang nyinaoni kelainan ing klanjer endokrin mau endokrinologi , siji cabang elmu kadhokteran kang cakupane luwih wiyar tinimbang lelara njero .


Sistem endokrin - sunting

Kelenjar adrenal | Corpus luteum | Hipotalamus | Ovarium | Pankreas | Kelenjar paratiroid | Kelenjar pineal | Kelenjar pituitari | Testis | Kelenjar tiroid

Sistem organ menungsa - sunting

Sistem kardiovaskular | Sistem pandulu | Sistem pancernan | Sistem endokrin | Sistem kekebalan | Sistem indriya | Sistem integumen | Sistem limfatik | Sistem otot | Sistem saraf | Sistem reproduksi | Sistem ambegan | Sistem rangka | Sistem urin