Simpoa

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
satunggaling sempoa

Simpoa , sempoa , dekak-dekak utawi manawi wonten Basa Inggris punika abacus kalebet salah satunggaling pirantos kina ingkang kaginakaken kangge ngetang adhedhasar teyori matematika kadamel saking rangka kajeng kanthi sederetan poros lebetipun manik-manik ingkang saged dipungeser ngiwa-nengen utawi munggah-mundhun [1] .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Asal-usuling sempoa punika awrat sanget anggenipun mangertosi amargi pitantos etang ingkang mirib kaluan sempoa kathah dipuntepangi wonten ing kabudayan ing donya. Konon sempoa punika sampun wonten ing Babilonia lan wonten ing Tiongkok kirang langkung warsa 2400 SM lan 300 SM. Tiyang wonten ing jaman kina ngetang kanthi cara damel garis-garis lajeng mapanaken selo ing nginggiling pasir ingkang kalebet wujud wiwitan saking maneka werni wujud sempoa.

Wonten ing Basa Inggris sempoa kawentar kanthi asma abacus . Tembung abacus sampun kawiwitan awit warsa 1387, mundhut ngampil tembung ing Basa Latin abakos saking tembung abax ingkang wonten ing Basa Yunani ateges tabel perhitungan ing Basa Yunani, tembung abax ugi ateges tabel kangge nggambar betuk geometris ing sanginggiling pasir utawi wedhi .

Pangembangan sempoa [ besut | besut sumber ]

Piranti etung punika sampun atusan taun kepengker kaginakaken dening bangsa-bangsa ing Asia Kilen . Bangsa-bangsa wau ngginakaken sempoa minangka piranti bantu nalika transaksi dol-tinuku. Lan ugi dipunkinten-kinten bilih sempoa ugi kalebet komputer kapisan ingkang dipun klaim dening saperangan tiyang amargi kemampuan anggenipun ngetung [2] .

Lajeng saya dangu sempoa dados kawentar lan dados pirantos bantu ngetang wonten ing sekolahan. lare-lare wiwit nyinanu kados pundi ngginakaken sempoa kanthi leres kangge perhitungan matematika dhasar kados penambahan , pengurangan , perkalian , lan pembagian .

Kirang langkung wonten ing taun 80an, sempoa punika wiwit dipunkembangaken ugi dipunteliti kanthi tememen ing Jepang saengga ngasilaken satunggaling metode etangan sempoa ingkang enggal kanthi formasi manik-manik 1 wonten nginggil lan 4 wonten ngandhap. Boten kados formasi manik-manik kados saderengipun. Pangembangan metode sempoa saking Jepang punika dados terobosan enggal saking metode sempoa ingkang wonten, inggih punika wontenipun metode mental aritmatika.

Metode punika kalebet pangembangan saking metode sempoa ingkang sampun wonten. Kanthi ngginakaken metode sempoa lan mental aritmatika ingkang dipunkembangaken ing Jepang langkung gampil anggenipun ngginakaken lan nyinaoni. Punika katingal saking kathah ingkang ngginakaken metode sempoa lan mental aritmatika ing donya .

Gladri [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. [1] Archived 2012-11-15 at the Wayback Machine ., Cara cepat belajar sempoa (dipun-akses tanggal 20 November 2012).
  2. [2] Archived 2012-08-17 at the Wayback Machine ., Metode sempoa dan Mental aritmatika (dipun-akses tanggal 20 November 2012).