한국   대만   중국   일본 
Simbul euro - Wikipedia Menyang konten

Simbul euro

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Disain resmi simbol Euro

Simbul euro punika simbol ingkang dipunmupangatake dening mata dhuwit euro . Simbul euro dipunpendet saking huruf Yunani epsilon ugi saged nglambangake huruf kapisan saking tembung Europe . Kekalih wangun garis horisontal paralel gadhah pralambang minangka nggambarake kamisuwuran euro [1] .

Simbul mau dipunwara-warake dening Komisi Eropah ing 12 Dhesember 1996 .

Tandha utawa kodhe standar internasional kangge euro miturut ISO 4217 inggih punika EUR . Simbul mirunggan mata dhuwit euro (€) banjur dikembangake kanrhi simbul kang langkung sae lan sampurna. Minangaka survey, simbul ingkang kapengkar dening sedasa kandidat, dipunkirangi dados kalih, banjur dipunserahake dening Komisi Eropah kanthi tumuju milih salah satunggalipun antarane kekalihipun. Ingkang dados bebungah inggih punika tim ingkang kapengkar dening sekawan ahli.Sejatinipun ingkang ndamel saking simbul kang kapilih inggih punika panjenenganipun Alain Billiet .

Pamor euro sajeroning unicode saged dipunserat kathi seratan &#8364

Cathetan sikil [ besut | besut sumber ]

  1. Our money page 3, on the web site of the European Central Bank (a PDF page)