한국   대만   중국   일본 
Segitiga Bermuda - Wikipedia Menyang konten

Segitiga Bermuda

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Segitiga Bermuda

Segitiga Bermuda (basa Inggris: Bermuda Triangle ) utawa kang misuwur kanthi sesebutan Segitiga Setan ( Devils Triangle ) yaiku panggonan kang ana ing Samodra Atlantik kang minangka garis segitiga antara Bermuda, wewengkon teritorial Karajan Manunggal minanga titik ing laladan lor, Puerto Riko , teritorial Amerikah Sarekat minangka titik ing laladan kidul lan Miami , praja Florida , Amerikah Sarekat minangka titik ing laladan kulon . [1] Panggonan iki ambane 1,5 juta mil² atau 4 juta km². [2]

Segitiga bermuda dianggep misterius banget. Ana isu paranormal kang ngandharake kenapa akeh kapal lan pesawat kang ilang. [3] Ana sing carita yen iku pancen tandha-tandha alam, mula ora entuk lewat kana. Ana uga kang carita yen iku amarga makhluk akasa jaba. [4]

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Nalika ngulandara ing laladan Bermuda taun 1492 , Christopher Columbus nyathet kabeh kaanan kang ana ing laladan iku. Nalika iku kompas bola-bali owah, ora ngerti apa sebabe. [5] Kamangka nalika iku cuaca ya cerah-cerah wae. Saliyane iku, nalika wengi awak kapale weruh bal-bal geni kang tiba menyang sagara. Dheweke uga weruh sinar kang cumlorot saka dhuwur kaya meteor lan ora suwe banjur ilang. Columbus uga nyathet piranti navigasi kerep ujug-ujug mati dhewe. [2]

Pirang-pirang prastawa ilang ing panggonan iku pisanan di dokumentasi dening E.V.W. Jones saka kalawarta Associated Press ing taun 1951 . Jones nulis artikel babagan ilange prastawa ilang kanthi misterius kang dialami dening montor mabur lan sagara ing panggonan iku lan ngarani panggonan iku kanthi sesebutan ‘Segitiga Setan’. Kaya mangkono iku kang dicaritakake maneh dening Fate Magazine kanthi artikel kang digawe dening George X. ing taun 1965 . Vincent Geddis ngarani panggonan iku kanthi sesebutan ‘ Segitiga Bermuda yang mematikan ’.

Segitiga bermuda minangka panggonan kang ana ing ngisor sagara , ing kana ana piramida gedhe kang ukurane luwih gedhe tinimbang piramida kang ana ing Kairo, Mesir . Piramida iku adohe saka pucuk piramida lan lumah sagara kira-kira 500 m, ing pucuk piramida iku ana rong bolongan kang luwih amba.

Prastawa [ besut | besut sumber ]

Pamaburan 19

Akeh prastawa kadadean ing segitiga bermuda kang asipat misterius.

Pamaburan 19 [ besut | besut sumber ]

5 Dhesember 1945 awan, lima pesawat pembom torpedho Avenger lunga saka Naval Air Station ing Fort Lauderdale , Florida, karo Letnan Charles Taylor minangka komandan lan 13 murid juru anggegana. Nalika kartengah jam mabur, kanthi radhio Taylor carita yen kompas iku ora obah, nanging dheweke ngira-ira yen dheweke ana ing panggonan ing Florida. Letnan kang nrima sinyal radhio iku mrentah Taylor mabur menyang lor Miami . Nalika iku, dheweke yakin yen dheweke ana ing dhuwur Florida. Sanadyan dheweke juru anggegana kang berpengalaman , Taylor entuk kanyatan kang medeni lan dheweke ngupaya metu saka Florida . Taylor lan anak buwahe metu saya adoh menyang laut. [3]

Nalika wengi, ujug-ujug sinyal radhio dadi elek, nganti pungkasane ilang. Angkatan laut Amerika nylidhiki lan nglaporake yen bingunge Taylor kang ndadekake bencana, nanging ibune ngyakinake Angkatan laut Amerika ngowahi lapuran resmi yen pesawat iku tiba kanthi sebab kang ora dingerteni. [1]

Pamaburan 201 [ besut | besut sumber ]

Pesawat Cessna lunga saka Fort Lauderdale tanggal 31 Maret 1984 , kanthi rute menyang Pulau Bimini ing Bahama , nanging ora tau bisa. Ing tengah dalan, pesawat dialonake kanthi kecepatan kang signifikan. Nanging ora ana sinyal radhio kang digawe saka pesawat kang ngatonake tekanan. Makbedunduk, pesawat tiba saka akasa ing banyu, bener-bener ilang saka radar. Ana wong wadon ing Pulau Bimini sumpah dheweke weruh pesawat kang tiba ing sagara adohe kira-kira samil saka pasisir, nanging ora ana kang bisa nemu reruntuhan pesawat. [4]

USS Cyclops [ besut | besut sumber ]

Nalika isih panas-panase Perang Dunia I , Amerika uga melu perang. USS Cyclops, diprentahake dening Letnan GW Worley, kang tinggal ing Pasisir Timur Amerikah Sarekat nganti taun 1918 nalika dheweke dikirim menyang Brazil kanggo ngisi bahan bakar kapal-kapal Sakuthu. kanthi 309 wong ing jero pesawat, kapal lunga saka Rio de Janeiro ing sasi Februari lan tekan Barbados ing sasi Maret . Sawise iku, Cyclops ora tau keprungu maneh. Angkatan Laut ngandharake ing tetelan resmi, “Ilange kapal iku wis dadi salah siji misteri kang paling mbingungake sajeroning sajarah Angkatan Laut. Ora ana mungsuh kapal selem ing Atlantik Kulon nalika iku, lan ing Dhesember 1918 akeh upaya kang dilakokake kanggo ngentukake sumber-sumber Jerman informasi ngenani ilange kapal. [5] [6]

Kronologi Prastawa-Prastawa kang Misuwur [ besut | besut sumber ]

  • 1840 : HMS Rosalie
  • 1872 : The Mary Celeste, salah siji prastawa kang gedhe dhewe ilange kapal-kapal ing segitiga bermuda
  • 1909 : The Spray
  • 1917 : SS Timandra
  • 1918 : USS Cyclops (AC-4) ilang ing sagara nalika ana badai. Nanging sadurunge budhal, menara pengawas ngandhani yen sagara nalika iku anteng banget, ora bakalan ana badai.
  • 1926 : SS Suduffco ilang nalika cuacane elek.
  • 1938 : HMS Anglo Australian ilang. Nalika iku ana lapuran yen cuacane anteng banget.
  • 1945 : Pamaburan 19 ilang.
  • 1952 : Pesawat British York transport ilang kanthi nggawa 33 penumpang.
  • 1962 : US Air Force KB-50, kang awujud kapal tangker ilang.
  • 1970 : Kapal barang Prancis , Milton Latrides ilang nalika budhal saka New Orleans menyang Cape Town .
  • 1972 : Kapal Jerman, Anita (20.000 ton), ilang kanthi nggawa 32 kru.
  • 1976 : SS Sylvia L. Ossa ilang ing jero sagara 140 mil ing sisih kulon Segitiga Bermuda.
  • 1978 : Douglas DC-3 Argosy Airlines Flight 902, ilang sawise lepas landas lan sawise ilang kontak radhio.
  • 1980 : SS Poet; ngulandara menyang Mesir , ilang nalika ana badai.
  • 1995 : Kapal Jamanic K (digawe taun 1943 ) dilapurake ilang sawise ngelwati Cap Haitien .
  • 1997 : Para pelayar ilang saka pesiar Jerman .
  • 1999 : Freighter Genesis ilang sawise budhal saka Port of Spain menyang St Vincent .

Pirsani uga [ besut | besut sumber ]

Kapustakan [ besut | besut sumber ]

  1. a b id.shvoong.com Archived 2011-05-20 at the Wayback Machine . kaakses tanggal 15 Mei 2011
  2. a b the-az.com Archived 2011-08-11 at the Wayback Machine . kadeleng tanggal 15 Mei 2011
  3. a b dunia.vivanews.com Archived 2010-08-22 at the Wayback Machine . kadeleng tanggal 15 Mei 2011
  4. a b idebagus.com Archived 2011-07-14 at the Wayback Machine . kadeleng tanggal 15 Mei 2011
  5. a b koranbaru.com kadeleng tanggal 15 Mei 2011
  6. Erabaru.net Archived 2011-08-25 at the Wayback Machine . kadeleng tanggal 15 Mei 2011

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbeni sadaya basa.