한국   대만   중국   일본 
Sadiq Khan - Wikipedia Menyang konten

Sadiq Khan

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
The Right Honourable
Sadiq Khan
Wali Kutha London
Wiwit linggih
8 Mei 2016
Wakil Joanne McCartney
Kang sadurunge Boris Johnson
Carik Wayangan Nagara babagan Bebener
Tuwan Kanselir Wayangan
Linggih
8 Oktober 2010 ? 11 Mei 2015
Pangarep Ed Miliband
Kang sadurunge Jack Straw
Kang sawise Charles Falconer
Carik Wayangan Nagara babagan Tetumpakan
Linggih
14 Mei 2010 ? 8 Oktober 2010
Pangarep Harriet Harman
Ed Miliband
Kang sadurunge Andrew Adonis
Kang sawise Maria Eagle
Mantri Nagara babagan Tetumpakan
Linggih
8 Juni 2009 ? 11 Mei 2010
Mahamantri Gordon Brown
Kang sadurunge Andrew Adonis
Kang sawise Theresa Villiers
Mantri Nagara babagan Kawula
Linggih
4 Oktober 2008 ? 8 Juni 2009
Mahamantri Gordon Brown
Kang sadurunge Parmjit Dhanda
Kang sawise Shahid Malik
Anggota Parlemen
tumrap Tooting
Linggih
5 Mei 2005 ? 9 Mei 2016
Kang sadurunge Tom Cox
Mayoritas 2.842 (5,3%)
Rerincen dhiri
Lair Sadiq Aman Khan
( 1970-10-08 ) 8 Oktober 1970 (umur 53)
Tooting, London , Karajan Manunggal
Parte pulitik Buruh
Sisihan Saadiya Ahmed (1994?saiki) [1]
Anak 2
Almamater Universitas London Lor
Universitas Ukum
Agama Islam
Sana jaringan Official website

Sadiq Aman Khan [2] (lair 8 Oktober 1970) ya iku pulitikus Britania sing dadi Wali Kutha London kawit Mei 2016. Dheweke Anggota Parlemen (cara Inggris: Member of Parliament , dicekak MP) tumrap wewengkon Tooting saka taun 2005 tekan taun 2016. [3] [4] Minangka anggota Parte Buruh, dheweke nganut idheologi dhemokrat sosial.

Lair ing  London ing kukuban kulawarga Pakistan-Britania saka golongan narakarya, Khan iku lulusaning jurusan  Ukum ing Universitas London Lor. Dheweke nuli makarya dadi solisitor mirunggan babagan hak manungsa , lan dadi mantrining Liberty salawas telung taun. Anut Parte Buruh, Khan minangka Anggota Dewan tumrap Wandsworth (pamukiman ing London) saka taun 1994 tekan taun 2006 sadurunge kadhapuk MP kanggo wewengkon Tooting taun 2005. Sangisoring pamarentahan Parte Buruh kanthi Wasir Gordon Brown, dheweke lungguh Mantri Nagara babagan Kawula kala taun 2008, nuli dadi Mantri Nagara babagan Tetumpakan. Awit minangka sekuthu pokok saka lelurah Parte Buruh Ed Miliband, dheweke leladi sajeroning Kabinet Wayangan Ed Miliband dadi Carik Wayangan Nagara babagan Bebener, Tuwan Kanselir Wayangan, lan Mantri Wayangan London.

Khan kapilih Wali Kutha London ing pilihan wali kutha 2016, ngganteni Wali Kutha saka Parte Konservatif, Boris Johnson.  Kapilihe dadi Wali Kutha London njalari dheweke minangka Muslim kapisan sing dadi wali kutha kanggo kutha krajan gedhe ing wewengkon Kulonan. [5]

Glosari [ besut | besut sumber ]

Cara Jawa Cara Indonesia Cara Inggris
ngoko krama
pulitikus pulitikus politician
wali kutha wali kitha walikota mayor
wewengkon tlatah territory
Parte Buruh Partai Buruh Labor Party
kukuban lingkungan surrounding
golongan narakarya kelas pekerja working class

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. Bindmans. "Saadia Khan ? Bindmans LLP" . Diarsip saka sing asli ing 2015-08-31 . Dibukak ing 2016-05-12 .
  2. "Tooting Constituency ? Parliamentary election results May 2015 ? Wandsworth Council" .
  3. Heald, Claire; Jackson, Marie (7 May 2016). "Khan stands down as Tooting MP" . BBC News . Dibukak ing 7 May 2016 .
  4. Khan, Sadiq. "Question Time" . Diarsip saka sing asli ing 11 September 2015 . Dibukak ing 11 September 2015 .
  5. James, William; Piper, Elizabeth (7 May 2016). "Labour's Khan becomes first Muslim mayor of London after bitter campaign" . Reuters . Dibukak ing 7 May 2016 .