한국   대만   중국   일본 
Sel (biologi) - Wikipedia Menyang konten

Sel (biologi)

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gambar struktur sel gabus tutup gendul kang didelok nganggo mikroskop dening Robert Hooke saka buku Micrographia kang dadi mula bukane tembung sel dipigunaake kanggo ndheskripsikake unit paling cilik organisme urip

Sel iku unit organisasi paling cilik kang dadi dhasar kauripan ing pangerten biologis . Kabeh fungsi kauripan diatur lan dumadi ing njeron sel|sel. Amarga iku, sel bisa nduwe fungsi kanthi autonom Autonom yeh kabeh kabutuhan uripe||uripe kecukupan. Makluk urip (organisme) kasusun saka siji sel tunggal ( uniselular , umpamane bakteri , Archaea , sarta saperangan fungi lan Protozoa ) utawa saka sel akeh ( multiselular ). Ing organisme multiselular Multiseluler dumadi pambagean tugas marang sel-sel panyusune, kang dadi dhasar kanggo hirarki urip .

Struktur sel lan fungsi-fungsine kanthi ngeramake meh sarupa kanggo kabeh organisme, nanging jalur evolusi kang ditempuh dening saben golongan gedhe organisme ( Regnum ) uga nduwe kakhususan dhewe-dhewe. Sel-sel prokariota adhaptasi karo kauripan uniselular Uniseluler ewadene sel-sel eukariota adhaptasi kanggo urip silih kerja bebarengan ing organisasi kang tumata banget.

Sajarah panemon sel [ besut | besut sumber ]

Wiwitane sel digambarake ing taun 1665| 1665 dening sawijining elmuwan Inggris| Inggris Robert Hooke kang wus nliti irisan tipis gabus nganggo mikroskop kang dirancang dhewe. Tembung sel asale saka tembung Latin cellulae kang tegese 'kamar-kamar cilik'. Anton van Leeuwenhoek nglakokake akeh pangamatan marang benda-benda lan jisim-jisim renik lan nedahake sepisanan marang donya yen ana "kauripan ing donya liya" kang durung tau dideleng dening manungsa. Karyane dadi dhasar kanggo cawang biologi kang wigati saiki ya iku mikrobiologi .

Perkembangan mikroskop suwene meh 200 200 taun sabanjure wis menehi kasempatan marang para ahli kanggo nliti susunan awak makluk urip. Sarangkeyan panliten wis dilakokake dening rong elmuwan saka Jerman ya iku Matthias Schleiden (ahli tetenduran, 1804 - 1881 ) lan Theodor Schwann (ahli kewan, 1810 - 1882 ). Loro elmuwan mau nyimpulake yen saben makluk urip kasusun saka sel. Sabanjure ing taun 1885 sawijining elmuwan Jerman, Rudolf Virchow , ngamati yen sel bisa milah dhiri lan mbentuk sel-sel anyar.

Struktur sel [ besut | besut sumber ]

Diagram sel prokariota
Diagram sel eukariota , nedahake komponen-komponen subselular. Organel -organel: (1) nukleolus (2) nukleus (3) ribosom (4) vesikel (5) reticulum endoplama ER (6) badan Golgi (7) citoskeleton (8) smooth ER (9) mitokondria (10) vakuola (11) sitoplasma (12) lisosom (13) sentriol ing sentrosoma

Lumrahe saben sel duwe

Sitoplasma| Sitoplasma lan nukleus| nukleus kanthi bebarengan nyusun protoplasma . Ing njero sitoplasma Sitoplasma ana maneka warna organel . Sel tetuwuhan, alga lan prokariota| prokariota ngembangake dinding sel sauntara sel kewan ora. Saperangan organisme nduwe flagella ing sele kanggo nggampangake anggone obah.

Membran sel [ besut | besut sumber ]

Pirsanana artikel mirunggan ngenani membran sel .

Membran sel kasusun dening lipoprotein. Membran Sel matesi kabeh kagiyatan kang dumadi ing njero sel saengga ora gampang kaganggu dening prabawa saka njaba. Amarga fungsi iki, membran sel duwe sipat 'selektif permeabel', bisa nemtokake bahan-bahan tinentu wae kang bisa lumebu nuju lan metu saka sel. Ing sel tetuwuhan, membran sel ing kaanan normal nempel ing dinding sel amarga tekanan turgor saka njeron sel.

Sitoplasma [ besut | besut sumber ]

Fungsi utama kauripan dumadi ing sitoplasma Sitoplasma . Meh kabeh kagiyatan metabolisme dumadi ing njeron ruangan kanthi isi cuweran kenthel iki. Ing njero sitoplasma ana organel -organel kang mlayang-layang ing cuweran kenthel (wujud koloid , nanging ora homogen) kang karan matriks . Organel iki kang nglakoni akeh fungsi kauripan: sintesis bahan , respirasi (pangrombakan), panyimpenan, sarta reaksi marang rangsang. Saperangan gedhe proses ing njero sitoplasma diatur kanthi enzimatik .

Saliyane organel, ana uga vakuola Vakuola , butir-butir glepung, butir silikat lan maneka warna prodhuk sekundher liya. Vakuola nduwe peran wigati minangka papan panampungan prodhuk sekundher kang wangune cuwer, saengga karan uga 'cuweran sel'. Cuweran kang ngisi vakuola beda-beda, gumantung papan lan fungsi sel.

Nukleus [ besut | besut sumber ]

Nukleus Nukleus tugase ngontrol kagiyatan kang dumadi ing sitoplasma. Ing njero nukleus ana kromosom Kromosom kang isine DNA kang wujud cithak biru kanggo panggawean maneka warna protein (mligi enzim). Enzim diperlokake kanggo nglakokake maneka warna fungsi ing sitoplasma. Ing njero nukleus uga ana nukleolus .

Organel [ besut | besut sumber ]

Manungsa nduwe akeh organ kang beda-beda kaya jantung, paru-paru lan lambung, kang fungsine uga beda-beda. Semana uga sel. Sel nduwe organ kang karan organel (ateges 'organ cilik').

Ing ngisor iki maneka warna organel ing njero sel (mligi sitoplasma):

Bedane sel tetuwuhan lan sel kewan [ besut | besut sumber ]

Sel tetuwuhan lan sel kewan nduwe saperangan beda ing antarane:

Sel tetuwuhan Sel kewan
Sel tetuwuhan luwih gedhe tinimbang sel kewan. Sel kewan luwih cilik tinimbang sel tetuwuhan.
Wangun tetep. Wangun ora tetep.
Duwe dinding sel . Ora duwe dinding sel .
Duwe klorofil . Ora duwe klorofil .
Duwe vakuola utawa gronggongan sel kang gedhe. Ora duwe vakuola , anajan sok-sok sel saperangan kewan uniseluler duwe vakuola (nanging ora padha gedhene karo kang diduweni tetuwuhan).
Nyimpen tenaga ing wangin wiji (granul) kanji . Nyimpen panganan ing wangun wiji (granul) glikogen .
Ora duwe sentrosom . Duwe sentrosom .

Sel-sel mirunggan [ besut | besut sumber ]

  • Sel ora nduwe inti, contone sel getih abang / eritrosit
  • Sel kanthi inti akeh, contone Paramecium sp
  • Sel kewan kang ana klorofile, contone Euglena sp . ( Euglena sp . iku kewan uniseluler kang nduwe klorofil).

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]

Wikibooks
Wikibooks
Wikibooks nduwe informasi luwih akeh ngenani: