한국   대만   중국   일본 
Randeep Hooda - Wikipedia Menyang konten

Randeep Hooda

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Randeep Hooda
Lair Randeep Singh Hooda
( 1976-08-20 ) Agustus 20, 1976 (umur 47)
Daseya, Rohtak District, Haryana , India
Alma mater Rai School in Sonepat , Delhi Public School , Delhi University
Pakaryan Actor

Randeep Singh Hooda ( Hindi : ????? ???? ??????, lair ning tanggal ( 1976-08-20 ) Agustus 20, 1976 (umur 47) ) dheweke iku aktor saka India . [1] Asma ibune Asha Hooda iku pekerja sosial lan bapake Dr. Ranbir Hooda kang dadi ahli bedhah. [1] Nalika iku dheweke nembe ning umur 8 taun, dheweke sekolah ning sekolah asrama MNSS ning Rai , Sonepat , Haryana . [1] Dheweke iku sekolah ning Delhi Public School, R K Puram, New Delhi. [1] Dheweke iku anak kang bisa diomong nakal nalika esih sinau ning sekolah. [1]

Dheweke pindah maring Melbourne , Australia nalika taun 1995 kanggo ngeraih jenjang pendidikane kang luwih dhuwur. [1] Dheweke ngeraih gelar sarjanane ning babagan marketing ( peluang usaha Archived 2014-09-21 at the Wayback Machine .) lan ollih gelar Mastere ning babagan menejemen bisnis. [1] Sasuwene ning Australia , dheweke kerja cilik-cilikan ning restoran China, nyambut gawe ngumbah mobil, lan dadi pelayan sarta tau uga dadi sopir taksi nganti rong taun suwene. [1] Ning taun 2000, dheweke bali maneh maring India lan olih bebungah lan olih pagawean ning babagan marketing ning perusahaan penerbangan lan akting ning teater. [1]

Dheweke miwiti debute ning filem MONSOON WEDDING (2001), ning filem mau, dheweke mainake peran dadi wong asing, gudu saka India . [1] Taun 2008, dheweke olih peran utama ning filem kang romantis, judhule RU-BA-RU. [1] Taun 2010, dheweke mainake peran ning filem kang judhule ONCE UPON A TIME IN MUMBAAI. [1]

Tuan 2011 , Randeep Hooda lumebu nominasi peran pulisi paling apik ning ApunKaChoice amarga Perane ning filem kang judhule ONCE UPON A TIME IN MUMBAAI. [2] Nominasi liyane ya iku, Ajay Devgan ning filem SINGHAM, Abhishek Bachchan ning filem DUM MAARO DUM, Salman Khan ning filem DABANGG, Vikram ning filem RAAVAN lan Rajeev Khandelwal ning filem SHAITAN. [2] Nanging, polling kang ngelibatake 2003 wong iku netapake Salman Khan dadi pulisi paling apik ning fileme kang judhule DABANGG. [2]

Film [ besut | besut sumber ]

Film -filem kang dibintangi Randeep Hooda [1] :

  • 2001 MONSOON WEDDING
  • 2005 D
  • 2006 DARNA ZAROORI HAI
  • 2007 RISK
  • 2008RU BA RU
  • 2008 RANG RASIYA
  • 2009 MERE KHWABON MEIN JO AAYE
  • 2009 LOVE KHICHDI
  • 2010 ONCE UPON A TIME IN MUMBAAI

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h i j k l m biografi Randeep Hooda dipununduh tanggal 25 Agustus 2011
  2. a b c berita Randeep Hooda dipununduh tanggal 25 Agustus 2011