Ramires

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ramires
Ramires Santos do Nascimento
Katerangan priangga
Jeneng dawa Ramires Santos do Nascimento
Dhuwur 1.80 m (5 ft 11 in) [1]
Posisi main Glandhang
Katerangan klub
Tim saiki
Chelsea
Angka 7
Karir nom
? Royal Sport Club [2]
2005?2006 Joinville
Karir senior*
Taun Tim Main ( Gul )
2006?2008 Joinville 14 (3)
2007?2008 Cruzeiro (silihan) 32 (3)
2008?2009 Cruzeiro 29 (7)
2009?2010 Benfica 26 (4)
2010? Chelsea 67 (8)
Tim nasional
2008 Brasil U23 8 (0)
2009? Brasil 30 (3)

* Gunggung main lan gul ing klub senior tumrap liga dhomestik iki mligi lan patitis per pukul 23.00, 28 Oktober 2012 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 23.30, 11 September 2012 (UTC)

Ramires Santos do Nascimento (lair ing Barra do Pirai , Rio de Janeiro , Brasil , 24 Maret 1987 ; umur 37 taun) ya iku salah sijining juru main bal-balan kang asale saka Brasil kang main minangka glandhang kanggo Chelsea ing Liga Primer Inggris lan Brasil .

Remires nate main kanggo Cruzeiro lan Benfica sadurunge gabung karo Chelsea ing wulan Agustus 2010. Para fans Chelsea menehi sebutan Rambo kanggo panjenengane amarga semangat pantang nyerah, kacepatan, lan katahanan staminane ing saben tetandhingan.

Ing taun 2008, Ramires kalebu ing skuat timnas Brasil U23 kang entuk medali perunggu ing Olimpiade Beijing 2008 .

Karir klub [ besut | besut sumber ]

Cruzeiro [ besut | besut sumber ]

Ing Januari 2008, Ramires gabung karo Cruzeiro saka Joinville kanthi biji transfer $300.000 kanggo mangsa kontrak limang taun . [3] Dening para fans klub lan medhia ing papan iku Ramires dijuluki " Queniano Azul ", utawa " Blue Kenyan " amarga katahanan staminane kaya para atlet lumayu Kenya sasuwene nganggo kostum biru Cruzeiro. [4]

Benfica [ besut | besut sumber ]

Ing 21 Mei 2009, Ramires gabung karo Benfica kanggo mangsa kontrak limang taun kanthi biji transfer €7,5 juta. [5] [6] Ramires dadi perangan wigati tim utama Benfica nalika wes kasil ngawinake gelar Liga Portugal lan Taca da Liga (Piala Liga) ing mangsa 2009-10, mangsa kapisan lan gur pisan bareng Benfica. Benfica salanjute ngadol kanduwenan kontrak Ramires 50% kanggo pihak katelu, Jazzy Limited kanthi biji €6 juta. [7]

Chelsea [ besut | besut sumber ]

Chelsea , Benfica lan pihak katelu entuk kesepakatan kanggo transfer Ramires ing Chelsea , kanthi biji transfer €22 juta ing 4 Agustus 2010. [8] [9] [10] Ramires kanthi resmi gabung karo Chelsea ing 13 Agustus 2010 kanthi kontrak durasine petang taun . Ramires nganggo kostum nomer geger 7 kang sadurunge dinggo Andriy Shevchenko . [11]

Tanggal 28 Agustus 2010, Ramires nglakokake debut kanthi lumebu minangka juru main pangganti nalika kamenangan kandang 2?0 karo Stoke City . [12] Panjenengane uga nglakokake debut kanthi main 90 menit ing 11 September 2010, nalika kamenangan tandang 3?1 karo West Ham United . [13] Tanggal 24 Januari 2011, Ramires nyetak gol liga kang kapisan nalika kamenangan tandang 4?0 karo Bolton Wanderers . [14] Ing 20 Maret 2011, Ramires nyetak gol liga kalorone nalika kamenangan kandang 2?0 karo Manchester City . [15]

Tekan mangsa 2010?2011 rampung, Ramires ngoleksi 2 gol saka 41 main ing kabeh kompetisi. Gole ing gawang Manchester City F.C. dipilih dadi " Goal of The Season " dening fans Chelsea . [16]

Prestasi [ besut | besut sumber ]

Klub [ besut | besut sumber ]

Cruzeiro
  • Campeonato Mineiro (2): 2008, 2009
Benfica
Chelsea

Tim nasional [ besut | besut sumber ]

Brasil

Individual [ besut | besut sumber ]

  • Gol Chelsea Terbaik Mangsa 2010?11 (vs. Manchester City, 20 Maret 2011.)
  • Gol Chelsea Terbaik Mangsa 2011?12 (vs. Barcelona, 24 April 2012.) [17]
  • Pemain Chelsea Terbaik versi Para Pemain: 2012 [17]

Referensi [ besut | besut sumber ]

  1. "Ramires | Profile, Biography & Pictures" . chelseafc.com . Dibukak ing 17 Oktober 2011 .
  2. Manoel Alves (30 Juli 2009). "Barra do Pirai presta homenagem ao craque Ramires" . Diario do Vale. Diarsip saka sing asli ing 2013-11-03 . Dibukak ing 17 Oktober 2011 . (ing basa Portugis)
  3. "Ramires fica em definitivo no Cruzeiro" (ing basa Portugis). Mercadofutebol.com. 2007-11-13 . Dibukak ing 2008-04-15 .
  4. Jones, Simon (22 Juli 2010). "Chelsea in £20m Ramires raid! Champions bid for Brazilian World Cup midfielder" . Daily Mail . London.
  5. "Cruzeiro confirma venda de Ramires para o Benfica" (ing basa Portugis). Estadao. 2009-05-21 . Dibukak ing 2009-05-22 .
  6. "Ramires Agrees Benfica Move" . ESPNSTAR.com. 2009-05-22. Diarsip saka sing asli ing 2012-03-24 . Dibukak ing 2009-05-22 .
  7. "Sport Lisboa e Benfica-Futebol SAD announces disposal of a percentage of athlete Ramires' financial rights" (PDF) (ing basa Portugis). CMVM.pt. 20 Juni 2010. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2012-09-24 . Dibukak ing 4 Oktober 2010 .
  8. "Sport Lisboa e Benfica-Futebol SAD announces agreement in principle with Chelsea FC for transfer of the athlete Ramires" (PDF) (ing basa Portugis). CMVM.pt. 4 Agustus 2010. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2011-09-02 . Dibukak ing 2012-11-03 .
  9. "Chelsea complete signing of Brazil midfielder Ramires" . BBCSport. 2010-08-04 . Dibukak ing 2010-08-08 .
  10. "Ramires transfer confirmed" . Planet Benfica. 2010-08-04 . Dibukak ing 2010-08-08 .
  11. "RAMIRES SIGNS FOR CHELSEA" . chelseafc.com. 13 Agustus 2010 . Dibukak ing 13 Agustus 2010 .
  12. "Chelsea 2-0 Stoke City" . ESPN Soccernet . 2010-08-28. Diarsip saka sing asli ing 2012-10-23 . Dibukak ing 2010-08-30 .
  13. "West Ham 1?3 Chelsea" . BBC Sport. 11 September 2010.
  14. "Bolton 0-4 Chelsea" . BBC Sport. 24 Januari 2011.
  15. "Chelsea 2?0 Man City" . BBC Sport. 20 March 201.
  16. "Cech Wins the Big One" . 19 Mei 2011. {{ cite web }} : Unknown parameter |publsiher= ignored ( |publisher= suggested) ( pitulung )
  17. a b "Mata The Main Man" . chelseafc.com . Chelsea FC. 11 Mei 2012.

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]