Sumbawa

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Pulo Sumbawa )
Pulo Sumbawa

Pulo Sumbawa inggih punika pulo ingkang dumunung ing propinsi Nusa Tenggara Barat , Indonesia . Pulo punika dipunwatesi dening Selat Alas ing sisih kilen (misahaken kaliyan Pulo Lombok ), Selat Sape ing sisih wetan (misahaken kaliyan Pulo Komodo ), Samodra Hindia ing sisih kidul, sarta Laut Flores ing sisih lor. Kota ingkang paling ageng inggih punika Kota Bima , ingkang dumunung ing sisih wetan pulo punika.