Pitulung : Cithakan

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kanggo cithakan-cithakan sing dianggo ing Wikipedia, pirsani: Wikipedia:Cithakan Wikipedia .

Cithakan ing Wikipedia dipigunakake kanggo masang sawijining isi menyang luwih saka siji kaca. Owah-owahan ing cithakan bakal sacara otomatis ngowahi kaca-kaca sing migunakake cithakan kasebut.

Migunakake cithakan [ besut | besut sumber ]

Kanggo migunakake cithakan ing sawijining kaca, gunakna markah {{ jeneng cithakan }} (ganti jeneng cithakan nganggo jeneng cithakan sing arep panjenengan anggo) ing suntingan panjenengan.

Nggawe utawa nyunting cithakan [ besut | besut sumber ]

Gawe cithakan anyar utawa panyuntingan cithakan sing wis ana padha karo proses gawe utawa nyunting kaca-kaca artikel . Prabedan kaca cithakan karo artikel biasa yakuwi ing ngarep jeneng kaca ditambahake prefiks "Cithakan:".

Wiwit MediaWiki versi 1.6 dianggo, owah-owahan cithakan sing dianggo dening akeh artikel, ora bakal ngowahi artikel-artikel sing nganggo cithakan kasebut wektu iku uga, nanging bakal dikirim menyang daftar antrian ( queue ). Sawijining proses sabanjure bakal maca antrian kasebut lan mroses liwat sistim [[]