Piscis Austrinus
(ugi dipunmangertosi kanthi sebatan
Piscis Australis
) inggih punika salah satunggaling
rasi lintang
ingkang mapan wonten ing belahan
langit
sisih
kidul
. Punika inggih nama
Latin
saking "iwak ing sisih kidul]]", ingkang minangka kosok wangsulanipun saking konstelasi ingkang langkung ageng inggih punika konstelasi
Pisces
, ingkang nggambaraken sak pasang iwak. Mlebet wonten ing
abad
kaping 20, rasi lintang punika ugi misuwur kanthi sebatan
Piscis Notius
. Punika inggih lintang ingkang padhangipun langkung saking 4 magnitudo, mliginipun inggih punika lintang
Fomahault
ingkang minangka lintang sepisanan ingkang ageng lan minangka lintang ingkang padhang piyambak kaping 18 ing langit dalu.
Piscis Austrinus inggih punika salah satunggal saking 48 konstelasi ingkang dipundhaptar dening
astronom
Ptolemy
ing abad kaping kalih, lan punika ugi kalebet wonten ing 88 rasi lintang modern. Lintang - lintang wonten ing konstelasi modern, inggih punika konstelasi
Grus
, inggih dipunbentuk saking perangan konstelasi Piscis Austrinus. Ing taun
1597
utawi
1598
,
Petrus Plancius
misah konstelasi punika lan paring nama lintang mau sasampunipun dipundherek.
Ing mitos
Yunani
, rasi lintang punika dipunmangertosi minangka satunggaling
iwak
ingkang ageng lan punika dipungambaraken minangka satunggaling iwak ingkang nembe ngombe toya ingkang dipunparingi dening rasi lintang
Aquarius
, satunggaling konstelasi ingkang mbeto toya. Kalih iwak saking rasi Pisces dipunsebat minangka turunan saking owak ageng. Wonten ing mitos
Mesir
, iwak punika ingkang nylametaken pagesanganipun dewi Mesir,
Isis
, dados piyambakipun mapanaken iwak punika lan turunanipun wonten ing langit minangka rasi lintang.
[1]
Piscis Austrinus inggih punika salah satunggaling rasi lintang ingkang dipunkiteri dening
Capriconus
wonten ing
lor
radi
kulon
,
Microscopium
wonten ing
kulon
radi
kidul
, rasi lintang
Grus
wonten ing sisih kidul, rasi lintang
Sculptor
wonten ing sisih
wetan
, lan rasi lintang
aquarius
wonten ing sisih lor. Tigang aksara ingkang dipunandharaken kangge nyekak rasi lontang punika, ingkang dipunpendhet saking
International Astronomical Union
ing taun
1922
, inggih punika 'PsA'.
[2]
Wates- watesaning rasi lintang ingkang resmi, kados ingkang dipuntemtokaken dening
Eugene Delporte
ing taun
1930
, inggih dipungambaraken dening wujud poligon saking sekawan perangan. Wonten ing sistem koordinat
khatuistiwa
, koordinat watesanipun ingkang pas wonten ing garis minggah mapan wonten ing 21
j
27.3
m
lan 23
j
06.5
m
, kanthi deklinasinipun ing koordinat antawisipun -24.83° lan -36.46°.
[3]
Fomalhaut
ingkang tradhisional nggambaraken cangkemipun iwak.
Fomahaul b
ingkang minangka pendhampingipun dipunanggep dados ekstrasolar
planit
ingakng sepisanan ingkang sampun nate kedheteksi kanthi
teleskop
Hublle Space
.
TW Piscis Austrini
saged dipuntingali kanthi caket lan mbok bilih punika gayut kaliyan Fomahault amargi mapan wonten ing satunggal taun cahya ingkang sami, kanthi magnitudo 6,5, punika miturut variabel Draconis.
Rasi lintang Pices Austrinus punika gadhah area ingkang ambanipun 245 drajat persegi lan ngewrat tigang lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit -
planit
. Rasi lintang punika saged dipuntingali ing garis lintang antawisipun +55° lan -90°, lan ingkang sae piyambak dipuntingali ing pukul 9 dalu ing salebeting sasi
Oktober
.
[4]
Piscis Austrinus kalebet satunggal kulawarga kaliyan rasi lintang
Heacenly Waters
sesarengan kaliyan rasi lintang
Delphinus
,
Equuleus
,
Eridanus
,
Carina
,
Puppis
,
Vela
,
Pyxis
lan
Columba
.
Rasi lintang sanesipun ingkang ngiteri rasi lintang Piscis Austrinus inggih punika rasi lintang
Capricornus
,
Microscopium
,
Grus
,
Sculptor
lan
Aquarius
.
Cithakan:Pratelan rasi lintang