한국   대만   중국   일본 
Perpustakaan Vatikan - Wikipedia Menyang konten

Perpustakaan Vatikan

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Perpustakaan Apostolik Vatikan
Bibliotheca Apostolica Vaticana
Lukisan dening Melozzo da Forli , 1477, ing Musiyum Vatikan
Nagara    Vatican City
Type Perpustakaan riset
Diadegake 1475 (549 taun kapungkur)  ( 1475 )
Koordhinat 41°54′17″N 12°27′16″E  /  41.90472°N 12.45444°E  / 41.90472; 12.45444 Koordhinat : 41°54′17″N 12°27′16″E  /  41.90472°N 12.45444°E  / 41.90472; 12.45444
Koleksi
Cacahe koleksi
  • 75,000 manuskrip
  • 1.1 yuta buku
Informasi liya
Dhirektur Jose Tolentino de Mendonca
Laman www .vaticanlibrary .va
Map
Peta
Location on a map of Vatican City

Perpustakaan Vatikan (Latin: Bibliotheca Apostolica Vaticana) minangka perpustakaan Dhampar Suci kang mapan ing Kutha Vatikan . Perpustakaan Vatikan kalebu salah sijining perpustakaan paling tuwa ing donya lan nyimpen koleksi penting ing tulisan sajarah. Perpustakaan Vatikan diadegake kanthi resmi ing taun 1475. Koleksi buku ing perpustakaan ana 75.000 buku. Mula-mula, Perpustakaan Vatikan iki dikenal minangka perpustakaan kang nyimpen manuskrip paling akeh ing donya. Perpustakaan Vatikan dadi gedhe amarga Paus Nikolas V tuku turahan saka perpustakaan kekaisaran Konstantinopel. Ing abad 21, perpustakaan duwe luwih saka 80.000 arsip manuskrip ing basa Latin lan Yunani. [1]

Wangunan [ besut | besut sumber ]

Perpustakaan Vatikan mapan ana ing njero Istana Apostolik lan para dhayoh bisa lumebu perpustakaan liwat gedhung Beldevere (Cortile del Belvedere). Nalika Paus Sixtus V (1585-1590) dhawuh supaya wangunan perpustakaan diambakake lan ngadegake wangunan anyar perpustakaan. Paus Sixtus ngadegake wangunan telung tingkat ing sabrang Cortile del Belvedere. Ing ngisor undhak-undhakan gedhe ana patung Hippolytus kang mapan ana ing ngarep lawang aula kanggo lumebu ing La Galea. [2]

Ing ngisor uga ana papan kanggo nyimpen manuskrip, ya iku ing njero ruwang papirus. Ing tingkat siji perpustakaan, kasimpen laboratorium restorasi lan ing tingkat loro nyimpen arsip-arsip foto. Perpustakaan Vatikan duwe rak kang dawane 42 kilometer (26 mil). [3] Taun 2007, Perpustakaan Vatikan ditutup kabeh amarga gedhung perpustakaan didandani suwene 3 taun lan dibuka maneh ing 20 September 2010. [4]

Ing Sala di Consultazione utawa papan kanggo nyimpen rujukan utama ing Perpustakaan Vatikan ana patung Thomas Aquinas kang dipahat dening Cesare Aureli. Patung Thomas Aquinas uga ngadeg ana ing ngisor lawang kanggo lumebu ing Universitas Kepausan St Thomas Aquinas, Angelicum. [5]

Koleksi [ besut | besut sumber ]

Koleksi paling tuwa kang ana ing perpustakaan ya iku dokumen kang asale saka abad kapisan. Perpustakaan Vatikan mulane diadegake dadi perpustakaan manuskrip. Saiki perpustakaan nyimpen cacahe 75.000 manuskrip lan luwih saka 1,1 yuta buku cithak, lan 8500 inacubula (buku kang dicithak ing Eropa sadurunge taun 1501). Arsip rahasia kang kasimpen ing Vatikan dipisah saka perpustakaan wiwit abad 17. Salah sijining koleksi perpustakaan kang paling misuwur ya iku Codex Vaticanus , ya iku manuskrip kitab suci kang pepak lan kalebu manuskrip paling tuwa. Sajarah Rahasia Procopius uga ditemokake ing njero perpustakaan lan dibabar ing taun 1623. Perpustakaan Vatikan uga nyimpen 330.000 koin lan medali Yunani, Romawi, lan kepausan. [6]

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. "Vatican Apostolic Library | library, Vatican City, Europe" . Encyclopedia Britannica (ing basa Inggris) . Dibukak ing 2021-04-29 .
  2. Mendelsohn, Daniel. "God's Librarians" . The New Yorker (ing basa Inggris Amerika Sarekat) . Dibukak ing 2021-04-29 .
  3. Nibletto, Paolo Del (2014-05-06). "The Vatican Library CIO's sacred mission: To digitize everything | IT World Canada News" . www.itworldcanada.com (ing basa Inggris Amerika Sarekat) . Dibukak ing 2021-04-29 .
  4. "Vatican library reopens after 3-year restoration" . NBC News (ing basa Inggris) . Dibukak ing 2021-04-29 .
  5. vaticana, Biblioteca apostolica (1893). Nel giubileo episcopale di Leone XIII. omaggio della Biblioteca vaticana XIX febbraio anno MDCCCXCIII (ing basa Italia). Tip. poliglotta della S. C. de prop. fide.
  6. "The Vatican Library and its History" . www.ibiblio.org . Dibukak ing 2021-04-29 .