한국   대만   중국   일본 
Penyakit nular - Wikipedia Menyang konten

Penyakit nular

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Lelara nular utawa lelara infeksi ya iku siji lelara sing disebabake dening siji agen biologi (kaya virus, bakteri utawa parasit), dudu disebabake faktor fisik (kaya tatu obong) utawa kimia (kaya keracunan). Cara cara panularan lelara ya iku sepisanan liwat medhia langsung saka wong menyang wong (liwat lumahing kulit ). Jinis lelara sing ditularake antarane: 1.Lelara kelamin 2.Rabies 3.Trakoma 4. Skabies 5. Erisipelas 6. Antraks 7. Gas-gangren 8. Infeksi tatu aerobik 9. lelara ing sikil lan cangkem.

Lelara kelamin kaya GO, sifiis, lan HIV , agen lelara ditularake langsung saka wong sing kainfeksi menyang wong liya liwat gegayutan intim. Cara medhot rante panularane ya iku kanthi nambani wong sing ketaman lelara lan ora nglakoke gegayutan intim karo pasangan dudu bojo. Khusus kanggo HIV, aja nggunakake piranti suntik tilas lan nggunakake getih donor saka wong sing nandang lelara HIV. Cara panularan kaloro ya iku liwat hawa (udara).

Lelara sing bisa ditularake lan nyebar kanthi langsung utawa ora langsung liwat udara pernapasan karan airborne disease . Jinis lelara sing ditularake antarane: a. TBC Paru b. Varicella c. Difteri d. Influenza e.Variola f. Morbili g. Meningitis h. Demam skarlet i. Mumps j. Rubella k.Pertussis.

Cara pencegahan panularan lelara antarane nganggo masker,ngadohi kontak lan nambani panandang TBC sing sputum BTA-ne positif.

Cara panularan katelu ya iku liwat medhia banyu. Lelara bisa nular lan nyebar kanthi langsung lan ora langsung liwat banyu. Lelara-lelara sing ditularake liwat banyu karan waterborne disease utawa water related disease . Agen lelara antarane: 1. Virus : hepatitisvirus, poliomielitis 2. Bakteri : kolera, disentri, tifoid, diare 3. Protozoa :amubiasis, giardiasis 4. Helmintik : askariasis, lelara cacing cemethi, lelarahidatid 5. Leptospira: lelara Weil.

Uga delengen [ besut | besut sumber ]

Referensi [ besut | besut sumber ]

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]