Pemadam kebakaran

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Petugas pemadam kebakaran mateni geni .

Pemadam kebakaran iku petugas utawa dinas sing dilatih lan duwe tugas kanggo nanggulangi kobongan . Petugas pemadam kebakaran saliyane mumpuni kanggo nylametake kurban saka kobongan, uga dilatih kanggo nylametake kurban kacilakan lalu lintas , gedhong runtuh, lan liya-liyane. Dinas pemadam kebakaran iku unsur pangleksana pamarentah sing diwenehi tanggung jawab sajeroning nindakake tugas-tugas penanganan masalah kobongan, sing kalebu sajeroning dhinas gawat darurat .