Pawarta

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel punika isinipun ngengingi Pawarta, unsur ing jurnalistik. Kangge Warta sanesipun pirsani Warta
Informasi Warta

Pengertian [ besut | besut sumber ]

Warta iku duwe informasi kang migunani tumrap kang maca utawa kang ngrungokake. mula iku, anggone maca sawijining warta kudu kanthi patitis, apa maneh yen macakake warta kanggo wong liya, kudu gatekake kedhal, lagu , lan pangucapan kang trep. Supaya warta iku bisa katampa dening kang ngrongokake anggone maca aja banter- banter lan nganggo sikap maca kang bener. Yen mdelok acara warta ing televisi supaya ngerti kepriye maca warta kang apik iku. Lungguhe kanthi jejeg lan pandengane mripat ana ing ngarep. Suarane kudu cetha lan bisa dimangerteni dening pemeringe.

Maca Warta [ besut | besut sumber ]

Maca warta iku wigati kanggone masarakat jaman saiki. Kanthi maca warta, kabeh informasi bisa dimangerteni. Warta saka radio , televisi, lan ariwarti utawa kalawarti lumrahe ngandharake babagan maneka warna. Ana paprentahan, polotik, ekonomi, seni budaya, lan liyane- liyane. Mula iku, kanthi maca warta masarakat bisa mangerteni mlakune jaman, kaya ta rega BBM kang mundhak, penerbitan lalu lintas dening pamarentah, lsp.. Macakake warta kanggo wong liya kudu gatekake kedal, lagu lan pangucapan kang cetha, supaya warta iku bisa katrima marang kang rungokake. Amrih becike bisa gatekake anggone penyiar televisi kang lagi ngandharake wartane. Kepriye kedal, lagu lan pangucapane uga gesture utawa tindak tanduke awake . Penyiar televisi iku anggone maca warta pandelengane tumuju ing ngarep, dene lungguhe utawa anggone ngadeg jejeg lan pamacane bener.

[1] .

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. Kodhe basa ora trep. Yatmana, Sudi dkk. Kabeh Seneng Basa Jawa 2 SMA Kelas XI . ISBN 979-746-455-5 . Yudhistira.Jakarta. (2005:40, 113)

Cithakan:Artikel dhasar