Pagunungan Rocky

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Laladan White Goat Wilderness, Alberta , Kanada

Rocky Mountains , racake diarani Rockies , minangka tatanan pagunungan sing dawa ing perangan kulon Amerika Lor . Dawane punjul telung ewu mil (4.800 kilometer ) mbentang saka British Columbia , ing Kanada , tekan New Mexico , ing Amerikah Sarekat . Puncak sing paling dhuwur ya iku Gunung Elbert , ing Colorado , kurang luwih 4.401 meter ) ing ndhuwur permukaane laut (dpl) [1] . Gunung Robson , mapan ing keduwuran 3.954 meter ya iku puncak paling dhuwur ing Canadian Rockies . Sistem Pegunungan Rocky Mountain kalebu ing United States physiographic regio [2] .

Geografi lan Geologi [ besut | besut sumber ]

Teton Range ing Taman Nasional Grand Teton , Wyoming

Pegunungan Rocky racake diartekake mbentang saka Liard River ing British Columbia, tekan Rio Grande ing New Mexico . Pegunungan iki bisa uga dianggep mbentang saka Alaska utawa Mexico , nanging pagunungan mau luwih dianggep peranganing kabeh American cordillera ketimbang peranganing Rockies .

Perangan paling enom saka pagunungan Rocky kaangkat nalika jaman pungkasan Cretaceous (140 juta-65 juta taun sing kapungkur), sanadyan saperangan pagunungan sisih kidul kaangkat ing jaman Precambrian (3.980 juta-600 juta taun sing kapungkur). Kondisi geologine kapethak saka kompleks watu beku lan watu metamorf ; sing paling enom ya iku watu sedimen (mapan ing dawane bates kidul pagunungan Rocky), lan watu vulkanik saka jaman Tersier (65 juta-1.8 yuta taun kapungkur) mapan ing laladan Pegunugan San Juan lan ing sapropirane laladan liyane.

Rujukan [ besut | besut sumber ]

  1. "Archive copy" . Diarsip saka sing asli ing 2012-04-26 . Dibukak ing 2012-12-26 . {{ cite web }} : CS1 maint: archived copy as title ( link )
  2. http://infobebas.web.id/2012/pegunungan-rocky.html [ pranala mati permanen ]

Wacanan Lanjutan [ besut | besut sumber ]

  • Athearn, R. G. 1960. High country empire: the High Plains and Rocky Mountains. McGraw-Hill, New York. 358 pp.
  • Brandt, E. 1993. How much is a gray wolf worth? National Wildlife 31:4­12.
  • Buchholtz, C. W. 1983. Rocky Mountain National Park: a history. Colorado Associated University Press, Boulder. 255 pp.
  • Grove, J. M. 1990. The little ice age. Rutledge Press, New York. 498 pp.
  • Jackson, D. 1962. Letters of the Lewis and Clark expedition with related documents 1783­1854. University of Illinois Press, Urbana. 728 pp.
  • Kay, C. E. 1994. Aboriginal overkill. Human Nature 5:359­398.
  • Lavender, D. 1975. The Rockies. Harper and Row, New York. 433 pp.
  • Knight, D. H. 1994. Mountains and plains: the ecology of Wyoming landscapes. Yale University Press, New Haven, Conn. 338 pp.
  • Peterson, J. A., editor. 1986. Paleotectonics and sedimentation in the Rocky Mountain Region, United States. Memoir 41, American Association of Petroleum Geologists. Tulsa, Okla. 693 pp.
  • Pierce, K. L. 1979. History and dynamics of glaciation in the northern Yellowstone National Park area. Professional Paper 729-F. U.S. Geological Survey, Washington, D.C. 90 pp

Pranala njaba [ besut | besut sumber ]