Paella

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Paella ( Valencian pronunciation:  [pa?e?a] or [p??e??] , Spanish:  [pa?e?a] ; pertalan basa Inggris: / p ? e? l ? , - ? e? l j ? , - ? e? j ? , - ? ? l ? , - ? j ? l ? / [1] [2]  utawa  / p a? ? ? l ? / [3] ) ya iku panganan beras saka Valencia sing duwe oyot sing baka mulane (sing wujude koyo sing ana saiki) ing tengah-tengahe abad angka 19 cedhak laguna Albufera ing pasisir wetane Spanyol cedhake kutha Valencia. [1]  Akeh wong-wong sing dudu saka Spanyol nganggep paella minangka hidhangan nasional Spanyol, nanging akeh-akehe wong Spanyol ndhelok paella iku dadi hidhangan lokale Valencia. Wong-wong Valencia, ya bener, nganggep paella minangka salah sawijining simbol khase tlatah iku.

Jinis-jinise paella kalebu paella Valencia (basa  Spanyol : paella valenciana ), paella vegetarian/vegan ( basa Spanyole : paella de verduras ), paella tetedhan sagara ( basa Spanyole : paella de marisco ), lan paella campuran ( basa Spanyole : paella mixta ), nanging akeh maneh jinis-jiniseare. Paella Valencia dimudhengi dadi resep asline hidhangan iki [2] dumadi beras putih, buncis  ( bajoqueta  lan  tavella ), daging  (daging pitik daging  daging kelinci ), kacang putih ( garrofon ), keong, lan bumbu-bumbu kaya ta saffron lan rosemary. Bumbu liyane sing lumayan umum nanging mung ana ing sawiji mangsa ya iku artichokes. Paella tetedhan sagara nggantekake daging nganggo etedhan sagara lan nglangi buncis-buncisan mua lan jangan-janganan ijo liyane. Paella campuran iku gaya bebas sing nggabungake daging kewan darat,  tetedhan sagara , janganan , lan kadang kala buncis-buncisan. Akeh-akehe, chef-chef paella nggunakake beras bomba [3]  amarga beras jinis iki luwih ora gambang kematengen, nanging wong-wong Valencia luwih milih gunakake jinis beras sing luwih gampang kelet (lan sabanjure luwih gampang kematengen) kaya ta beras Senia. Kabeh jinis paella gunakake lenga zaitun.

Cathetan [ besut | besut sumber ]