한국   대만   중국   일본 
Otto van Guericke - Wikipedia Menyang konten

Otto van Guericke

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Otto van Guericke

Otto van Guericke ya iku penemu pompa banyu . [1] Dheweke lair ing Magdeburg , Jerman , tanggal 30 Mei 1602. [1] Kulawargane kagolong bangsawan. [1] Nalika isih cilik, dheweke duwe kasenengan ngemati lintang . [1] Dheweke kerep ngemati lintang kanthi migunakake teleskop . [1] Kesenengan iki kang ndadekake dheweke nyinaoni komet . [1] Ing taun 1664, kanthi temenen, dheweke nganakake panaliten ngenani komet. [1] Asile, dheweke bisa ngramal manawa komet bisa teka ing bumi kanthi berkala, dhedhasar interval wektu. [1] Guericke ya iku sawajining penuntut ngelmu sajati. [1] Sawise ngrampungake sekolah dhasar lan menengah, dheweke nerusake sekolah ing Universitas Lepzig , Jerman banjur dheweke jupuk Jurusan Hukum ing Universitas Jena ing taun 11621. [1] Rong taun candhake, dheweke sekolah ana ing Universitas Leiden , Walanda , lan jupuk jurusan Matematika lan Mekanika . [1] Sawise lulus, dheweke lunga menyang Prancis lan Inggris . [1] Nalika bali, dheweke langsung entuk gawean minangka insinyur ing Erfurt , Jerman . [1]

Taun 1627 dheweke bali ing Magneburg, lan nyambut gawe ing babagan pulitik. [2] 19 taun candhake, dheweke kapilih dadi Wali Kota Magdeburg, lan njabat suwene 5 taun. [2] Panemon pompa banyu kawiwitan saka ora percayaning Guerick marang panemune Aristoteles kang kandha manawa ora ana ruwang kosong ing donya iki. [2] Dheweke banjur nganakake percobaan ya iku dheweke nyawijeake rong lempeng tembaga dadi bal, banjur udarane dipompa metu. [2] Dadi tabung tembaga mau ora ana udarane. [2] Banjur saka sisih kang kwalikan ditarik dening jaran papat. [2] Nanging, jaran-jaran mau ora bisa misahake lempeng tembaga mau. [2] Nalika udara dilebokake ing tabung, lempeng tembaga mau bisa pedhot. [2] Percobaan mau dibaleni maneh ing Berlin kanthi migunakake jaran cacah 24. [2] Nanging asile tetep padha, jaran mau ora bia narik lempeng tembaga. [2] Saka perobaan mau, Guerick mbuktekake ngenani teyori kekuwatan tekanan udara. [2] Prinsip iki kang ndasari kerjane pompa banyu. [2]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b c d e f g h i j k l m [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009. 105 Tokoh dan Perintis Dunia .Yogyakarta:Narasi Hal. 210]
  2. a b c d e f g h i j k l [Muchlisin Asti, Badiatul, dkk. 2009. 105 Tokoh dan Perintis Dunia .Yogyakarta:Narasi Hal. 211]