한국   대만   중국   일본 
Minato, Tokyo - Wikipedia Menyang konten

Minato, Tokyo

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Minato, Tokyo

Cithakan:Infobox kutha Jepang

Distrik kutha Minato ( 港? Minato-ku ? ) inggih punika salah satunggal saking 23 distrik istimewa ingkang mapan wonten Tokyo kidul-wetan Jepang . Tokyo punika satunggaling prefektur saengga distrik kutha Minato punika sami kaliyan satunggaling kutha. Wonten ing kutha Minato punika wonten papan-papan ing rame kados ta Odaiba , Roppongi , Shiodome , lan Stasiun Shinagawa ingkang kalebet stasiun sepur (kereta api) Shinkansen .

Kutha punika rame mawi kantor pusat perusahaan ageng, kedutaan besar , lan perusahaan asing . Pusat perkantoran wonten ing Toranomon , Shinbashi , Shiba . Dene Aoyama lan Akasaka kalebet pusat dagang. Pamukiman mewah wonten ing Azabu lan Shirokanedai , lan pambikakan kawasan enggal dipunwontenaken ing Shiodeome lan Odaiba . Sanajan mapan wonten ing pusat kutha Tokyo, kutha Minato gadhah kawasan taman ingkang wiyar kalebet ing Astana T?g? , Astana Akasaka ( Geihinkan ), Taman Shiba , lan kawasan ijo ing Shirokanedai. Ing kutha Minato ugi wonten langkung saking 90 nama papan ingkang ngandhut tembung " saka " ( ? lerengan, tanjakan ). [1]

Geografi [ besut | besut sumber ]

Lebar kutha Minato saking ler mangidul punika kirang langkung 5,5 km, dene dawanipun kutha saking wetan mangilen punika kirang langkung 6,6 km. [1] Ing sisih wetan kutha Minato winatesan kaliyan Teluk Tokyo . Ing pucuk sisih ler, kutha punika winatesan kaliyan kutha Ch?? , sisih ler winatesan kaliyan Chiyoda lan Shinjuku . Ing sisih kulon kutha punika winatesan kaliyan kutha Shibuya , kidul kaliyan kutha Shinagawa , lan ing sisih wetan kaliyan kutha Koto .

Sajarah [ besut | besut sumber ]

Kutha Minato dipunbentuk nalika tanggal 15 Maret 1947 saking asling panggabungan distrik Akasaka, Azabu, lan Shiba. [2] Lambang distrik kutha Minato dipuntetepaken ing tanggal 30 Juli 1949 , wujud aksara hiragana kangge "mi" ( ? ) ingkang mapan ing tengahing bunderan. [3]

Transportasi [ besut | besut sumber ]

Sepur (Kereta api) [ besut | besut sumber ]

Pendidikan [ besut | besut sumber ]

Perguruan tinggi [ besut | besut sumber ]

Sekolah Menengah Atas [ besut | besut sumber ]

Negeri [ besut | besut sumber ]

Prefektur [ besut | besut sumber ]

Swasta [ besut | besut sumber ]

Papan kelairan [ besut | besut sumber ]

Kulawarga kamaharajan [ besut | besut sumber ]

Politikus [ besut | besut sumber ]

Ilmuwan [ besut | besut sumber ]

Budayawan [ besut | besut sumber ]

Artis [ besut | besut sumber ]

Atlet [ besut | besut sumber ]

Budaya lan seni [ besut | besut sumber ]

Ing kutha Minato wonten Sengaku-ji (makam 47 ronin ), dan Z?j?-ji ingkang kalebet kuil kulawarga klan Tokugawa . Kutha Minato mapan wonten ing pinggiran kutha Edo . Rumiyin, daimyo ingkang makarya ing kutha krajan damel kawasan punika minangka papan kangge yasa vila . Kajawi Aula Suntory ingkang asring dados papan konser musik klasik , kutha Minato gadhah Musiyum Seni Suntory , Pusat Seni Nasional Tokyo , Musiyum Seni Teien Tokyo Metropolitan , lan Musiyum Seni Nezu .

Papan pariwisata [ besut | besut sumber ]

Media massa [ besut | besut sumber ]

Stasiun televisi [ besut | besut sumber ]

Sedaya jaringan TV swasta Jepang mawi kantor pusat ing Minato-ku.

Stasiun radio [ besut | besut sumber ]

Surat kabar [ besut | besut sumber ]

Cathetan suku [ besut | besut sumber ]

  1. a b "Minato-ku no chisei (港?の地勢" . Minato City portal site. Diarsip saka sing asli ing 2008-09-23 . Dibukak ing 2013-02-24 .
  2. "Minato-ku no tanj? (港?の誕生)" . Minato City portal site. Diarsip saka sing asli ing 2008-09-23 . Dibukak ing 2013-02-24 .
  3. "Minato-ku no mark (港?のマ?ク)" . Minato City portal site. Diarsip saka sing asli ing 2011-11-08 . Dibukak ing 2013-02-24 .

Pranala njawi [ besut | besut sumber ]