한국   대만   중국   일본 
Mikha - Wikipedia Menyang konten

Mikha

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Katone kitab nabi Mikha , uga ditulis dening nabi kang asmane padha. Mikha olehe sugeng sajaman karo nabi Yesaya lan asale saka siji desa ing Yehuda , ing karaton kidul. Dheweke yakin tenan yen Yehuda bakal ngadh?pi mala pataka kaya kang diumumake dening Amos bab karaton lor. Mikha uga ngandhani yen Allah mesthi ya bakal ndendha bangsa Yehuda amarga kejem banget lan ora adil marang wong liya, Nanging ing kotbahing Mikha ya katon ana tandha-tandha kang luwih cetha bab pangarepan ing mangsa ngarep.

Perangan-perangan kang menarik digateake sajeroning buku iki yaiku: gambaran adem tentrem ing sawewengkoning bumi ing ngisor pimpinaning Allah (Mikha 4:1-4); banjur ana ramalan bab siji Ratu Agung kang bakal muncul saka trahing Dawud lan bakal ngasta pangayeman ing bangsa Yehuda (5:2-4); lan, ing siji padha (6:8), ana ringkesan saka apa kang bakal diomongake dening para nabi-nabi Israel, yaiku: "Sing dituntut Allah saka awake dhewe iku supaya tumindhak adil, tansah ngamalake sih-tresna, lan andhap asor urip manunggal karo Gusti."