한국   대만   중국   일본 
Metanol - Wikipedia Menyang konten

Metanol

Saka Wikipedia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Metanol
Gambar
Gambar
Gambar
Gambar
Gambar
Gambar
Gambar
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [67-56-1]
Nomer RTECS PC1400000
SMILES CO
Sifat
Rumus molekul CH 3 OH
Massa molar 32.04 g/mol
Panampilan colorless liquid
Densitas 0.7918 g/cm³, liquid
Titik leleh

?97 °C, -142.9 °F (176 K)

Titik umob

64.7 °C, 148.4 °F (337.8 K)

Kelarutan dalam air Fully miscible
Kaasaman (p K a ) ~ 15.5
Viskositas 0.59 mPa·s at 20 °C
Momen dipol 1.69 D (gas)
Bahaya
Klasifikasi EU Flammable ( F )
Toxic ( T )
NFPA 704
3
3
1
 
Frasa-R R11 , R23/24/25 , Cithakan:R39/23/24/25
Frasa-S (S1/2) , S7 , S16 , S36/37 , S45
Titik murub 11 °C
Senyawa kagandheng
alkanols kagandheng etanol
propanol
butanol
Senyawa kagandheng klorometan
metosimetan
Kejaba ditelakake suwalike, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Metanol , uga ditepungi minangka metil alkohol , wood alcohol utawa spiritus , iku senyawa kimia mawa rumus kimia C H 3 OH . Metanol wujud wangun alkohol paling prasaja. Ing "kaanan atmosfer" metanol awangun cuweran sing entheng, gampang nguwap, ora duwe warna, gampang kobong, lan asifat racun kanthi ambu sing khas (ambune luwih entheng tinimbang etanol ). Metanol digunakake minangka bahan pangadhem anti beku, pelarut, bahan bakar lan minangka bahan aditif kanggo etanol indhustri.

Metanol diprodhuksi kanthi alami dening metabolisme anaerobik dening bakteri . Asil proses mau ya iku uwap metanol (sajeroning gunggung cilik) ing udara. Sawise saperangan dina, uwap metanol mau bakal kaoksidasi dening oksigen kanthi direwangi sinar srengenge dadi karbon dioksida lan banyu .

Reaksi kimia metanol sing kobong ing udara lan mbentuk karbon dioksida lan banyu ya iku:

2 CH 3 OH + 3 O 2 → 2 CO 2 + 4 H 2 O

Geni saka metanol racake ora ana wernane. Mula, awake dhewe kudu ngati-ati yen ana cerak metanol sing kobong kanggo nyegah tatu amarga dene geni sing ora katon.

Amarga sifate sing mawa racun, metanol asring digunakake minangka bahan aditif kanggo gawe alkohol kanggo panggunaan indhustri; Panambahan "racun" iki bakal ngendhani indhustri saka pajeg sing bisa ditrapake amarga etanol wujud bahan utama kanggo minuman keras (ombenan ngandhut alkohol). Metanol sok-sok uga diarani wood alcohol amarga biyen wujud prodhuk samping saka distilasi kayu. Saiki metanol diasilake liwat proses multi tahap. Sacara singkat, gas alam lan uwap banyu diobong sajeroning tungku kanggo mbentuk gas hidrogen lan karbon monoksida ; banjur, gas hidrogen lan karbon monoksida iki direaksiake sajeroning tekanan dhuwur kanthi rewangan katalis kanggo ngasilake metanol. Tahap pambentukane iku endotermik lan tahap sintesise iku eksotermik .